Mendengarkan
cerita Rakyat
Kompetensi Dasar
Mendengarkan
cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman
Indikator :
1.
Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2.
Menemukan unsur intrinsik cerita
rakyat
3.
Menceritakan
kembali isi cerita.
Tujuan Pembelajaran :
1.
Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2.
Menemukan unsure intrinsic cerita rakyat
3.
Menceritakan
kembali isi cerita.
Materi
Pembelajaran
Crita rakyat
yaiku crita kang wis sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora bisa kapetung, ora
cetha kala mangsane, ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit.
Crita rakyat
bisa kaweruhi nganti saprene amarga kadongengake liwat lathi menyang lathi,
turun temurun saka mbah buyut tekan saanak putune.
Dene ciri kang
bisa dipethil saka crita rakyat kang ana, yaiku :
1. Anonim, ora diweruhi sapa sejatine kang
nganggit
2. Kolektiif, dianggep duweke rakyat
bareng-bareng
3. Statis, ora ana owah-owahan sing wigati saka
jaman biyen menyang jaman saiki
4. Imajiner, nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang
mokal anane
5. Ngemu tuladha, nyritakake bab ala lan bener
kanggo tuladha
Tema kang
diangkat ana ing crita rakyat kayata :
1. Legenda ( asal usule papan panggonan )
2. Fabel ( Crita donyaning kewan )
3. Crita dewa-dewi
4. Crita Bathara
5. Crita becik katandhingake tumindak ala/durjana
Tuladha Crita
Rakyat :
Sendang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padhepokan Sunan
Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar
pisan. ” kayane wis tekan Kadhipaten Pati Pesantren, sedela maneh tekan
Padhepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-muride.
Nalika wanci sholat dzuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sangisore wit
gedhe, banjur mrentah Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudlu. Ki Rangga lan
kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Weruh murid-muride padha bingung, Sunan Kalijaga karo mesem ngendika, ” Ki
Rangga becike awake dhewe nyuwun marang gusti. Banjur jaganen wit iki muga-muga
ana sumber kang mili. Nanging elingana kedadean apa wae kang ana ing kene, kuwi
kersane gusti. Aja padha lali yen ana kadadean apa wae, enggal kabarna marang
aku ing samburine grumbul iku” ature Sunan Kalijaga.
Ki Rangga lan kanca-kanca padha nunggu wit kuwi nganti
keturon. Bareng tangi klambine padha teles kebes amarga panggonan mau wis kebak
banyu. Saking senenge, Ki Rangga lan kanca-kancane padha lali karo welige Sunan
Kalijaga. Ki Rangga lan kanca-kancane padha ciblon.
Sunan Kalijaga bali meneh menyang papan mau. Ngerti
polahe Ki Rangga, Sunan Kalijaga ketrucut ngendikan ”Ki Rangga isih eling karo
welingku, apa wae kedadean ing kene kabarna marang aku, ora malah langen kaya
bulus.”
Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane padha dadi bulus.
Sunan Kalijaga ora sida wudlu amarga banyune wis reged kena sisane Ki Rangga
lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani Sendang Sani saka kedadean Sunan
Kalijaga kang murungake niyate wudlu marga disisani utawa didhisiki Ki Rangga.
Papan mau kurang luwih telung kilometer sisih lor Kutha Pati.
Gladhen
1. Temokna unsur intrinsik kang ana ing sajerone
crita rakyat mau!
2. Amanat apa kang bisa ditemokake ana ing crita
mau?
3. Tutupa bukumu, nuli critakna meneh crita
Sendang Sani mau ing ngarep kelas!
Garapan Omah
1. Saben wewengkon duwe crita kang diarani crita
rakyat. Critakna salah sijining crita rakyat kang ana ing sakupeng desamu
dhewe-dhewe!
2. Coba, golekna crita rakyat legenda kedadeane
Kutha Pekalongan.