Pambuka
Hastungkara
bawana langgeng. Puja puji pudyastuti raos suka sukur wonten ngarsa dalem gusti
ingkang akarya jagad. Dene kanthi kanugrahanipun dhumateng samudaya kawula
dasih kula kuwawa angrampungaken modul Sinau Basa Jawa mligi kagem kulawarga
piyambak SMA 1 Kajen ingkang boten sepintena menika.
Atur
panuwun kula aturaken dhumateng bapa Kepala SMA 1 kajen bapa Drs. H. Eko
Supriyanto, M.Pd. ingkang sampun paring kalodhangan lan idin palilah kangge
modul menika. Dhumateng Kepala Perpustakaan ingkang sampun maringi kalodhangan
kangge nyimpen modul menika. Bapa tuwin ibu guru SMA 1 Kajen ingkang sampun
mbyantu lan sedaya kemawon bebrayan agung ingkang boten saged kula sebat
setunggal mbaka setunggalipun ingkang sampun maringi panjurung, pambyantu
menapa inspirasi kangge kula.
Inggih
namung kanthi pangajab mugi-mugi modul ingkang boten sepintena menika saged
migunani manpangati kagem para siswa SMA 1 Kajen mliginipun siswa kelas X
Nuwun
ISINE MODUL
Pambuka
..................................................................................... i
Daftar
Isi ...................................................................................... ii
Sekar
Macapat Pangkur ............................................................ …… .. .
1
Crita
Cekak .................................................................................. 8
Pawarta
Basa Jawa....................................................................... . 19
Omah
Adat Jawa ........................................................................ . 29
Aksara
Jawa ............................................................................... .
. 33
Daftar
Pustaka ............................................................................. 42
SEKAR
MACAPAT PANGKUR
sek/mcpt\p=ku/
|
Kompetensi
Dasar
3.1
Menelaah
teks Serat
Wedhatama pupuh Pangkur.
4.1
Menanggapi isi
Serat Wedhatama pupuh Pangkur
dan menulis syair
tembang Pangkur dengan bahasa
sendiri, serta
menyajikannya secara
lisan/tulis.
|
Serat wedhatama Pupuh Pangkur
Serat Wedhatama salah satunggaling
serat anggitanipun KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya) Mangkunegara IV.
Wedhatama kasil saking kalih tembung yaiku “Wedha” kang anggadhahi teges ajaran / piwucal lan tembung “tama” kang
ateges utama. Serat menika ngandhut piwulang kabecikan, budi pakerti lan akhlak
ingkang taksih saged dipunangge ngantos wayah samenten. Serat menika katulis
kanthi wujud tembang supados dipunremeni tiyang jawi ingkang kathahipun remen
dhateng tembang
PUPUH I
P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring ukara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ilmu luhung
kang tumrap ing tanah Jawa
agama ageming aji.
02
Jinejer ing Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi sepa lir sepah asamun,
samasane pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu karsane priyangga,
nora nganggo peparah lamun angling,
lumuh ingaran balilu,
uger guru aleman,
nanging
janma ingkang wus waspadeng semu,
sinamun samudana,
sesadoning adu manis .
04
Si pengung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis,
ngandhar-andhar angendukur,
kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkangipun,
si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang sipingging.
05
Sekar Macapat Pangkur Laras Pelog Pathet Nem
3
|
5
|
5
|
5
|
5
|
5
|
3
|
3
|
|||||
Mang - ko -
no ngel - mu kang
nya - ta
|
||||||||||||
3
|
5
|
5
|
56
|
1
|
1
|
1
|
1
|
2
|
3
|
21
|
||
Sa
- nya -
ta - ne
mung weh re
- se -
ping a -
ti
|
||||||||||||
.
|
.
|
.
|
.
|
.
|
.
|
|||||||
5
|
6
|
1
|
1
|
1
|
2
|
2
|
2
|
|||||
Bu - ngah
ing - a -
ra - nan
cu - bluk
.
|
||||||||||||
1
|
6
|
5
|
5
|
5
|
5
|
45
|
||||||
Su -
keng tyas yen
den - i
- na
|
||||||||||||
3
|
5
|
5
|
56
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
2
|
3
|
|
A
- ja ka
- ya si pe
- ngung ang - gung
gu - mung – gung
|
||||||||||||
6
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
|||||
.
|
||||||||||||
U -
gu - ngan
sa - di
- na -
di - na
|
||||||||||||
1
|
2
|
3
|
1
|
2
|
3
|
3
|
21
|
|||||
A - ja mang - ko
- no wong u
- rip
|
Tembangna cakepan mau kanthi leres!
06
Uripa
sapisan rusak,
nora
mulur nalare ting saluwir,
kadi
ta guwa kang sirung,
sinerang
ing maruta,
gumarenggeng
anggereng anggung gumrunggung,
pindha
padhane si mudha,
prandene
paksa kumaki.
07
Kikisane
mung sapala,
palayune
ngendelken yayah wibi,
bangkit
tur bangsaning luhur,
lah
iya ingkang rama,
balik
sira sarawungan bae durung,
mring
atining tata krama,
nggon-anggon
agama suci.
08
Socaning
jiwangganira,
jer
katara lamun pocapan pasthi,
lumuh
asor kudu unggul,
sumengah
sesongaran,
yen
mangkono kena ingaran katungkul,
karem
ing reh kaprawiran,
nora
enak iku kaki.
09
Kekerane
ngelmu karang,
kakarangan
saking bangsaning gaib,
iku
boreh paminipun,
tan
rumasuk ing jasad,
amung
aneng sajabaning daging kulup,
Yen
kapengkok pancabaya,
ubayane
mbalenjani.
10
Marma
ing sabisa-bisa,
babasane
muriha tyas basuki,
puruitaa
kang patut,
lan
traping angganira,
Ana
uga angger ugering kaprabun,
abon
aboning panembah,
kang
kambah ing siang ratri.
11
Iku
kaki takokena,
marang
para sarjana kang martapi,
mring
tapaking tepa tulus,
kawawa
nahen hawa,
Wruhanira
mungguh sanjataning ngelmu,
tan
mesthi neng janma wreda,
tuwin
muda sudra kaki.
12
Sapantuk
wahyuning Allah,
gya
dumilah mangulah ngelmu bangkit,
bangkit
mikat reh mangukut,
kukutaning
Jiwangga,
Yen
mangkono kena sinebut wong sepuh,
liring
sepuh sepi hawa,
awas
roroning ngatunggil.
13
Tan
samar pamoring Sukma,
sinukma
ya winahya ing ngasepi,
sinimpen
telenging kalbu,
Pambukaning
waana,
tarlen
saking liyep layaping ngaluyup,
pindha
pesating supena,
sumusuping
rasa jati.
14
Sajatine
kang mangkono,
wus
kakenan nugrahaning Hyang Widi,
bali
alaming ngasuwung,
tan
karem karamean,
ingkang
sipat wisesa winisesa wus,
mulih
mula mulanira,
mulane
wong anom sami.
Lampahe pasinaon
1.
Nembangake
sareng-sareng pupuh tembang pangkur pada kaping 5 saking serat wedhatama
2.
Dianalisis struktur tembang
pankur
3.
Kanthi dhapukan
kelompok, siswa madosi isine lan pitutur luhuripun tembang
4.
Siswa Praktek gawe
tembang pangkur nganggo basane dhewe
5.
Siswa Praktek nembang
pangkur kanthi titi laras ingkang leres
6.
Siswa sinau kawruh
sapala
7.
Siswa nggarap
gladhen
8.
Sareng-sareng
kaliyan guru mendhet dudutan saking serat wedhatama pupuh pangkur lajeng
ngetrepaken kalian kahanan jaman samenika
9. Sasampunipun pasinaon bab tembang pangkur
menika siswa saged nglairaken raos sukur marang gusti lan saged nglampahaken
tumindak sosial ingkang sae
Pangertosan
Tembang
Miturut Padma Soekotja tembang
inggih menika reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu
(gumathok) kang pamacane (olehe ngucapake) kudu dilagokake nganggo
kagunan swara. Dene miturut Mawardi sekar utawi tembang inggih punika
reroncening swanten ingkang mawi titi laras slendro lan pelog sarta
kenanthenan rumpakaning basa sumawana sastra ingkang gumathok.
Saged dipun pendhet dudutan
bilih tembang nggadhahi titikan/kriteria sastra lan lagu ingkang
gumathok. Dene pathokanipun sastra inggih menika guru gatra, guru
wilangan lan guru lagu. Dene pathokanipun lagu inggih menika kedah
ngangge laras slendro utawa pelog.
Paugeran
Tembang
Guru gatra : gunggungipun gatra/larik saben
salagu/satembang
Guru wilangan : gunggungipun wanda/suku kata saben
sagatra
Guru lagu : tibaning swara (a,i,u,e,o) ing
pungkasaning gatra
Pada : sami kaliyan bait ing dalem satembang
Pupuh : kumpulane pirang-pirang pada ingkang nunggal
tembang
Laras : tangga nada
Titi laras : sami kaliyan “nada”
Pathet : konsep ingkang ngatur fungsi nada
Cakepan : sair tembang
Cengkok : gaya nembang umpamane Semarangan, Surakartan,
Banyumasan, Nartasabdan
Luk/wiled : ornamentasi musical, sawanda
luwih saka 1 titi laras.
Saben sawanda cakepan tembang boten pikantuk
Langkung saking tigang titi laras/nada
Gregel : sami kaliyan fibrasi nalika nembang
Paugerane tembang pangkur :
Gatra 1 : 8a Gatra 5 :12u
Gatra 2 : 11i Gatra
6 : 8a
Gatra 3 : 8u Gatra
7 : 8i
Gatra 4 : 7a
|
Kawruh Sapala
|
Laras Slendro
lan Pelog
Notasi laras/titi laras wonten
tembang macapat ngginakake notasi gamelan Jawa ingkang dipundamel dening Adipati
Sasradiningrat IV jamanipun Pakubuwana X. Notasinipun Slendro : 1, 2, 3, 5,
6 dene notasi Pelog : 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
Istilah
Macapat
Miturut pamanggihipun para ahli,
istilah macapat saking tembung maca papat-papat ateges maca 4 wanda 4 wanda
saben gatranipun. Anangin istilah tembang macapat wonten ingkang saking
maca cepet dadosipun macepet dados macapat. Wonten saperangan panemu bilih
macapat asal saking tembung maca-pat-lagu ateges maca tembang kaping papat.
Maca-sa-lagu : maca tembang sepisan kagolongaken tembang gedhe.
Maca-ro-lagu : maca tembang kaping kalih kalebet tembang gedhe.
Maca-tri-lagu: maca tembang katelu kagolong tembang tengahan. Maca-pat-lagu
kacekak dadi macapat menika maca tembang kaping papat kagolong tembang
cilik.
|
G l a d h e n
|
1.
Socaning jiwangganira,
jer katara
lamun pocapan pasthi,
lumuh asor
kudu unggul,
sumengah
sesongaran,
yen
mangkono kena ingaran katungkul,
karem ing
reh kaprawiran,
nora enak
iku kaki.
a.
Sebutna guru gatra, guru wilangan lan
guru lagunipun!
b. Andharna
wosipun tembang menika ngangge basamu dhewe!
c.
Andharna pitutur luhur menapa ingkang
saged dipunpendhet!
d.
Miturut pamanggihmu, apa wose tembang
menika isih trep karo kahanan jaman samenika? Andharna!
e.
Tembung “jiwangganira” klebu tembung
menapa? Dhapukan saking tembung menapa mawon?
2.
Gawea tembang macapat pangkur sapada
kemawon nganggo basamu dhewe kanthi tema pitutur becik utawa pendhidhikan!
T u g a s
|
Goleka tembang macapat pangkur ingkang boten
saking serat wedhatama saking sumber internet menapa sumber sanesipun! Lajeng
wangsulana pitakonan menika;
1.
Sebutna guru gatra, guru wilangan lan
guru lagunipun!
2.
Andharna wosipun tembang menika
ngangge basamu dhewe!
3.
Andharna pitutur luhur menapa ingkang
saged dipunpendhet!
4.
Miturut pamanggihmu, apa wose tembang
menika isih trep karo kahanan jaman samenika? Andharna!
CRITA
CEKAK
c]itcekk\
|
Kompetensi
Dasar
3.2 Menelaah
teks crita
cekak.
4.2 Menulis dan menyajikan sinopsis teks
crita cekak
yang dibacanya
|
Tuladha Crita Cekak
Katresnan
Facebook
Dening
: Gaib Wisnu Prasetya
Ajuning
kemajuan jaman prasasat datan bisa dibendung maneh, jarene wong akeh sinebut
globalisasi. Globalisasi dewe, saumpama dijarwakake kanthi basa jawa yaiku
tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga saking majune tehnologi kang
anjrah engga tekan karang padesan. Dadine, nadyan ana suwaliking bumi bisa
krasa cedhak merga majuning tehnologi kang ora tinemu ing jaman sadurunge.
Coba
dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo
anake sing mapan ana Jakarta yo gelem ora gelem kudu menyang Jakarta. Utawa
suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya.
Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad ora
sethithik yen bakal sesambungan. Umpama bisa sesambungan, sranane telpon ana
wartel, kirim layang utawa telgram.
Ning
saiki, tahun 2011 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo
keluarga sing mapan ana Amerika wis dudu barang angel maneh. Sing jenenge
Handphone prasasat wis pating glethak saben papan. Tegese HP wis dudu barang
larang maneh. Jaman aku sekolah kepungkur, aja kok ngimpi nyekel HP, selagine
gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae
cekel-cekelane HP, lha apa ora jamane wis owah ? Kamangka, bocah SD saiki
kathik sing jenenge nyekel komputer wis canggihe ora jamak. Sejene kuwi,
internet, twitter, engga sing aran Facebook anjrah tekan karang padesan. Mbukak
sing jeneng facebook, twitter, yahoo massanger, lsp ora kudu ndadak nyang
warnet, bisa diakses liwat HP. Mula ora jeneng aneh maneh, yen donya sing
jembar ngilak-ilak prasasat dadi cupet tanpa wates.
Emane,
kemajuan ing babagan tekhnologi iki bisa njalari uwong malih edan kahanan.
Wanita sing sejatine setya tuhu marang bojo, bisa malik grembyang kendho
tapihe, njur seneng slewengan karo jejaka utawa edan maneh ngrusuhi bojone
liyan mung merga facebook. Ora mung kaum wanita, bapak-bapak sing wis mambu
lemah uga ana sing kedanan prawan lan randha merga saking senenge chatting
liwat FB. Facebook salah sasaran dadi srana selingkuh sing ampuh. Tundhone
mbubrahke wong omah-omah. Nanging ora kabeh tekhnologi iku negatif, akeh uga sisi
positife, gumantung sing arep nggunakake. Contone, FB, twitter, YM, lsp bisa
dadi srana kanggo iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama, lan uga
ngudi ngelmu.
Yo
merga ngenut ombyaking jaman iku, aku reka-reka melu gawe akun FB, singkatan
saka facebook. Kanyatan, ora nganti let sasen-sasen akun FB-ku wis tambah kanca
nganti ewonan wong. Senadyan durung nate ketemu, nanging lewat akun kekancan FB
iku awakku bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora
tak ngerteni papan dununge. Malah kancaku ana sing padunung ing Hongkong,
Pakistan, Malaysia lan negara Eropa liyane. Sakliyane kuwi, kancaku sekolah
sing wis puluhan tahun ra ketemu wae bisa gegojekan maneh karo aku, nadyan mung
liwat FB.
Sore
iku aku nuhoni dawuh seka redaksi kudu ngirim werta lewat e-mail. Mula senadyan
wektune mepet maghrib, aku nyelakke ngirim werta paling anyar seka Gunungkidul.
Sinambi ngenteni werta kekirim tekan redaksi, aku nyelakke mbukak FB. Ora let
suwe wis ana sing add ana akun pesanku. “Assalamu’alaikum, sugeng sonten
mas....” tak lirik sing kirim asmane Jiwandari Dewi Wahid. Oh saka Bu Lurah
Purwodadi, salah sijine desa ing wewengkon Gunungkidul. “Wa’alaikumsalam....
Nembe menapa bu ?” takwales pesen sing mlebu iku.
“Kok
dangu mboten pinarak ngidul mas ?” wangsulane Bu Ndari.
”Alhamdulillah
sawetara niki taksih repot kok Bu,... Wonten dawuh ?” semaurku. Aku sing wis
sawetara tepung karo priyayine banjur ngobrol akrab lan gegojekan liwat FB.
Maneka topik tak bahas lewat FB iku. Kanyatan Bu Ndari utawa Bu Lurah Purwodadi
iku grapyak semanak. Dasare kagungan rupa ayu, persasat turah rupa kurang
panacat, isih nduweni kuasa senadyan mung dadi lurah ana desa kang mencil.
Emane kok wis kagungan garwa lan anak-anak cacah loro lanang wadon, umpama ora,
wiiih klakon tak pek bojo tenan.
Lageyane
Bu Ndari iku, beda adoh yen aku pinuju wawancara nyang Purwodadi. Adate aku
kerep golek werta bab pembangunan seka desa madesa, klebu tlatah kang dipimpin
piyambake. Kesan formil lan kaku langsung krasa yen pinuju adu arep wawancara
ana balai desa. Bu Lurah katon banget wibawane ana ngarepe para dukuh lan
pamong. Mula ora maido yen aku pinangka wartawan rada males yen kudu sambang
menyang Purwodadi. Alesanku jelas, merga kliwat formil.
Nanging,
sak ploke asring sesambungan liwat FB iku njalari aku dadi luwih akrab karo Bu
Lurah. Kurang trima liwat FB, Bu Lurah uga njaluk no HP-ku. Sabanjure, mbuh
liwat FB utawa telpon lan sms HP, piyambake asring takon bab pembangunan, PNPM,
lsp marang aku. Kabeh sing disuwunake pirsa tak jawab kanthi mathis, kaya apa
sing wis tak mangerteni. Ora mung kuwi, Bu Lurah uga njaluk pambiyantu marang
aku supaya ekspose Pesisir Siung sing mlebu ana tlatah wewengkone. Pangajabe
yen pesisir iku diekspose koran bisa njalari tekane wisatawan ana pesisir iku.
Merga
asring FB-an lan sms lewat HP, njalari aku kepengin dolan menyang Purwodadi,
apamaneh Bu Lurah njanji bakal menehi informasi sing apik tumrap wartawan
kanggo ngisi liputan budaya, yaiku festival reog lan jathilan kang dianakake
ngepasi tahun baru. Sidane, mbarengi mlebu tahun baru 2011 wingi kuwi aku
nyelakke dolan nyang Pesisir Siung, Desa Purwodadi. Sepisan nglegani Bu Lurah,
kapindho acara festival iku bisa dadi berita kang klebu menarik para maos ing
surat kabarku. Ancasku mung teka jlug, motret-motret sethithik, njur wawancara
trus bablas bali mulih nyang Wonosari.
Gandheng
acarane diwiwiti kawit tanggal 31 Desember 2010, mula aku diaturi pinarak ana
daleme Bu Lurah. Kawitane aku males, nanging merga diarih-arihi Bu Ndari
pungkasane aku manut. “Mangga mas, pinarak mlebet riyin..... Nggih ngaten niki
gubuk enten karang padesan....” Bu Lurah manggakke. “Aaaah sami mawon Buu, niki
malah pun sae sanget, benten kalih rompok kula....! Gendhenge mawon pun kathah
sing rontok, maklum mboten enten sing ngopeni....” aku nanggapi basa basine.
“Halaah,.. njenengan ki kok ya olehe mendhek ! Milane pados ingkang saged
ngupakara to Mas...!” Bu Lurah semu nyindhir statusku sing nduda. “Dereng
pinanggih kok Bu, nyuwun tulung dipadoske sing purun...!” semaurku.
Sabanjure
Bu Ndari idin arep menyang mburi disik, aku ditogake dewekan ana ruang tamu.
Ora let suwe ana kenya ayu ngetokake wedang saka njeron omah. Mripatku kedhep
tesmak sanalika, kenya kang ngetokake wedang iku banget merak ati.... “Mangga
diunjuk lho mas, sakwontenipun....” wuuihhh ! swarane alus, pakulitane lencir
kuning, mangka pawakane weweg kaya selebritis Manohara Odelia Pinot. “Ee...
enggih Dik ! Walaah kok repot-repot lho...!” gragapan anggonku mangsuli.
“Waduuh biyuung, eseme kuwi lho ? marakke atiku deg-deg sir !” pangudarasaku
jroning ati.
“Puun
unjuk Mas Wisnu... Mboten sah jiguh pekewuh !! Eeh Tar, iku tulung kamar sisih
kiwo resikana, ben mengko diagem nyare Mas Wisnu...!!” prentahe Bu Ndari nalika
metu seka kamare marang kenya iku. Kenya sing diundang jeneng Tari iku mung
manthuk lan gage ngadeg arep tumandang “Eh...eh ditepungke sik Mas, iki
adhikku, Untari, komplite Untari Puspitaningsih, lagi wae lulus kuliah
Akuntansi ana Solo. Tari, tepungan sik, iki Mas Wisnu, wartawan koran sing tak jaluki
tulung ngliput acara festival....!”
Tanganku
tak ulungke ngajak salaman, kenya aran Untari iku nampani, “Wisnu...!”
“Untari..”semaure kenya iku banjur ndingkluk ora wani nampani sorote netra.
“Duuh Gusti,.....ana tangan kok aluse mangkene !” jerit batinku sinambi ngelus
tangane Untari. “Hmm...ehemm !! Sesuk nyuwuno tulung Mas Wisnu kuwi lho
Tar, kon nggolekke gawean ana kutha, wartawan kan relasine akeeh...” Bu Ndari
dehem sinambi nyindhir, gage regeman tanganku marang Untari tak culke.
Untari
gage mlebu kamar njero, dene aku banjur sapejagong karo Bu Lurah. Ora krasa
wektune ngancik wengi, gandheng ana pesisir dianakake pesta kembang api. Mula
aku reka-reka arep nonton keramean iku, sisandene mahargya tekane warsa enggal
2011. Merga Bu Ndari duwe kewajiban liya, mula kongkon Untari ngancani aku
mlaku-mlaku ana pesisir. Sidane wengi kuwi aku lan Untari mlaku bebarengan ana
Pesisir Siung.
Kawitane
lambe iki ngunci, aku sing biasane crewet yen pinuju wawancara dadakan bungkem.
Mbuh apa sebabe, kamangka ngadhepi Kapolres, Bupati, lsp wae aku ora nate grogi
kaya ngene. Semono uga Untari, deweke mung ndingkluk nyawang pasir lan ombak
segara kidul. Nanging suwening suwe aku lan deweke banjur ngobrol biasa. Wong
loro crita ngalor ngidul ora karuan bongkot pucuke, pungkasane gojekan gayeng
banget. Untari malah wis wani njiwiti tanganku nganti biru erem nalika dak
sembranani bab pacar. Pokoke acara malem tahun baru 2011 nilaske kenangan kang
nabet atiku lan atine Untari.
Bubar
acara liputan festival reog iku njalari aku asring dolan menyang Purwodadi.
Dudu wawancara maneh, nanging ndolani si Untari sing nyata merak ati. Senadyan
statusku duda sing ngopeni anak siji, nanging nyatane Untari uga nglanggati
panah asmara kang tak tamakake jroning atine. Sakliyane iku, lumantar facebook
lan sms-an HP aku, Untari uga Bu Lurah luwih asring gegojekan saben dinane.
Cilik gedhene aku pacaran karo Untari, sing nyomblangi mbakyune dewe Bu Lurah
Purwodadi. Tembung lan tembang katresnan terus lumintu lewat majune tekhnologi
arupa facebook lan HP. Merga facebook aku bali nemokake kembang katresnan sing
wis kapunthes rong tahun lawase. Amarga facebook aku nemokake jodho sing banget
tak antu-antu tekane.
Tundone
rembug, Untari banjur tak tepungake rama lan ibuku, uga Ananda, anakku wedok.
Kanyatan, Untari uga bisa ngepek penggalihe wong tuwaku, sejene iku, anakku ya
seneng merga entuk calon ibu anyar sing alus bebudene. Untari dewe, senadyan
tepung durung suwe yen tak sawang shalate mempeng, tindak tanduk lan solah
wicarane alus merak ati. Mula aku ora tidha-tidha maneh nibakke sih katresnan
marang deweke. Untari kanthi ati manteb, lila legawa lamun dak lamar dadi
sisihanku, ngganteni Ibune Nanda sing wis dak pegat 2008 kepungkur. Tembang
katresnan ngumandhang :
“Gegarane wong akrami,
Dudu
bandha dudu rupa,
Amung
ati pawitane,
Luput
pisan, keno pisan.
Yen
gampang, gampang kalangkung,
Yen
angel, angel linangkung.
Tan
kena tinumbas arta.....”
Insya
Allah ora nganti ramadhan 2011, aku wis klakon mengku wanita shalihah
pepujaning ati pinangka sisihan. Muga dadi jodhoku wiwit ndonya ndelahan
akherat. Amiiin.
Lampahe pasinaon
1.
Siswa maos cerkak
kanthi irah-irahan Katresna Facebook menika
2.
Siswa takon perkara
menapa kemawon adhedhasar cerkak menika
3.
Siswa madosi unsur
intrinsik lan unsur ekstrinsik cerkak menika
4.
Siswa gawe sinopsis
cerkak menika
5.
Siswa ngoreksi kasil
tulisan cerkak kanca sanesipun
6.
Perwakilan siswa
acak presentasi sinopsis cerkak menika
7.
Siswa mados cerkak
saking kalawarti panjebar Semangat, lajeng dipunwaos sangajengipun kelompok lan
saben anggota kelompok mbiji kanca-kancane.
8.
Sareng-sareng gawe
dudutan saking pasinaon menika
9. Sasampunipun pasinaon bab cerkak menika
siswa saged nglairaken raos sukur marang gusti lan saged nglampahaken tumindak
sosial ingkang sae
Cerkak yaiku wacan kang
kalebu crita narasi lan isine nyritakake prastawa kang dialami paraga
kanthi urutan wektu tinamtu.
Titikane cerkak yaiku
isine nyritakake saperangan/sabagian kedadeyan kang cekak, ana paraga, ana wektu kedadeyan lan paraga
boten nganti gantos nasib ingkang kathah/drastis
Unsur-unsur intrinsik cerkak :
a.
Tema yaiku
saripatine/underaning prekara kang diandharake utawa kang dicritakake
b.
Paraga utawa
tokoh yaiku wong kang maragani crita
Paraga ana telu
werna yaiku :
§
Paraga utama
utawa protagonis
§
Paraga mungsuh
utawa antagonis
§
Paraga tambahan
utawa tritagonis
c.
Watak yaiku
watake paraga siji lan sijine ing sajroning crita
d.
Alur yaiku lakune cerita utawa urut-urutane cerita
Alur
kagolongake dadi 3 :
§
Maju utawa
progresif, yen anggone cerita saka kaanan saiki nganti sateruse
§
Mundur utawa
flashback, yen anggone cerita saka kaanan saiki terus ngandharake kaanan
sing kepungkur
§
Campuran
Ing alur
diandharake bab ngenalake para paraga, konflik/ prekarane para paraga lan
kepriye para paraga ngrampungake prakarane.
Urut-urutane alur
§
Pengantar
§
Nampilake
masalah
§
Klimaks
§
Antiklimaks
§
resolusi
e.
Latar utawa
setting yaiku perangan kang nerangake papan utawa wektu kelakone kedadeyan
lan swasana ing crita iku
|
Kawruh Sapala
|
f.
Sudut pandang yaiku kalungguhane pangripta ing
sajroning crita
g.
Gaya bahasa utawa lelewaning basa yaiku basa
sing digunakake pangripta ing sajroning cerita
h.
Amanat utawa pesan yaiku pesen sing arep di
aturake dening pangripta marang pamaos, utawa pesen apa sing sinandhi ing
crita iku.
Unsur-unsur ekstrinsik cerkak :
§ Nilai-nilai
ingkang wonten
sajrone cerkak (agama, budaya, ekonomi, politik)
§ Latar
belakang panguripane pengarang
§ Kahanan
sosial nalika cerkak kaanggit
|
G l a d h e n
|
1. Wacanen cerkak
menika kanthi premati, lajeng tulisen unsur intrinsik lan ekstrinsikipun
2. Gawenen sinopsis
saking cerkak menika
Sumilaking Mendhung
Dening Sukarni
Swasana wengi iku pancen sepi. Tan
ana swarane sato kewan wengi kang ngumandhangake kidung kaendahan. Sepining wengi
tambah sansaya sepi kanthi tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora
mandheg-mandheg. Hawane sansaya kekes. Ora maido yen sato kewan wengi sarta
janma manungsa luwih seneng ana wismane dhewe-dhewe ngumbar pangangen-angen.
Tan prabeda karo Ningrum. Kenya lencir kuning iku lungguh ijen ana ruwang tamu.
Atine Ningrum lagi kasaput mendhung. Pikirane ngulandara mecaki lelakon sing
wis kawuri. Lelakon kang nyebabake dheweke kudu ninggalake Wong tuwane sing wis
ngukir jiwa ragane.
!i=rumBizu=judeg.kep]i[ycr[na[whpze/[tnMr=ibu[njmnWi[sHowhgi=si/wis[aorjm[nNm[nh[ynWnitkufumxmHnai=burib[al[nHorkense[kolhduwu/
|
"Nyuwun pangapunten, Bu, kula
boten saged nglampahi," ngono wangsulane Ningrum nalika ibune ngandhakake
yen dheweke kudu omah-omah karo Darsono. Ora mung lagi sapisan iku ibune njaluk
supaya dheweke gelem omah-omah karo Darsono, priya sing dadi pilihane ibune
"Ora bisa piye? Kowe kudu gelem
dadi bojone Nak Darsono! Dheweke iku sugih! Kowe kepengin apa bae bakal
keturutan! Uripmu bakal mulya!"
"Nanging Bu, kula boten tresna
piyambakipun, punapa malih Mas Darsono punika kawentar remen
mabuk-mabukan."
"Kowe ora usah ngelek-elek Nak
Darsono!"
"Nyatanipun inggih makaten.
Kejawi punika kula taksih kepengin sanget nglajengaken sekolah. Kula kepengin
nyambut damel rumiyin, pados pengalaman nembe mbangun bebrayan,"
wangsulane Ningrum kanthi sareh.
"Pokoke kowe kudu nurut karo
ibu! Ora usah sekolah dhuwur-dhuwur! SMU bae wis cukup! Coba delengen
kanca-kancamu kae ora ana sing sekolah nganti SMU Ian saiki wis padha
nggendhong anak!"
Ningrum bingung. Judheg. Kepriye
carane aweh pangerten marang ibune? Jaman wis owah gingsir. Wis ora ana jamane
maneh yen wanita kudu marem ana ing buri bae lan ora kena sekolah dhuwur.
"Sapisan malih kula nyuwun
pangapunten, Bu! Kula kapeksa boten saged nuruti kersanipun Ibu. Saestu Bu,
Kula suwun Ibu kersa menggalih malih babagan punika," pangrimuke Ningrum.
"Wis, saiki ngene bae. Kowe
pilih dadi bojone Darsono apa lunga saka omah kene! Ibu ora apa-apa kelangan
endhog siji," ngendika ngono karo ninggalke Ningrum.
“Nanging Bu, “
Ningrum bingung. Dheleg-dheleg.
Dheweke ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Tekade atine pranyata luwih
gedhe. Kanthi lon-lonan lan nggawa ati remuk, Ningrum ninggalake omah lan wong
tuwane. Lakune kasandhung-sandhung. Luh kang dleweran ing pipine ora digape.
Mlaku terus mlaku nasak petenging wengi lan deresing udan. Ing pangangen-angene
mung siji, nyuwun pangayoman marang budhene ing Semarang.
"Budhe, Ningrum bidhal kuliyah
rumiyin lan mangke langsung dhateng toko," pamite Ningrum marang Budhene.
"Iya, sing ngati-ati! Lha mengko
mulihe numpak angkutan apa dipapag Gun?"
"Numpak angkutan kemawon, Budhe,
melas Dhik Gun taksih sayah. Assalamu' alaikum."
"Wa'alaikumsalam."
Ningrum ninggalake budhene sing
nguntabake lakune tekan emperan omah. Ningrum rumangsa begja banget awit
salungane saka Omahe, dheweke.ora ketula-tula. Budhene wis kersa paring
pitulung ngentasake panandhange, malah pangruktine marang dheweke kaya dene
marang putrane dhewe. Ora emban cindhe emban siladan marang Ningrum apa dene
Gunawan sing dadi putrane dhewe. Kabegjan mau tambah dirasa Ningrum nalika
dheweke diidini nerusake kuliyah. Dheweke kuliyah ana sawijining Pergutuan
Tinggi Negeri ing Semarang sinambi nyambut gawe ana sawijining toko kanggo
ngragati kuliyahe. Saiki kuliyahe wis meh rampung, kari skripsi.
Ningrum sejatine ora bisa ngilangake
wewayangane Ibune, Bapake, lan sadulur-sadulure. Dheweke wis nyoba bali menyang
Sala, sowan wong tuwane. Nanging, dukane ibune pranyata durung sirna. Tangkebe
ibune durung bisa nampa Ningrum. Ibune ora gelem nemoni. Wis dicoba bola-bali
nyedhaki lan ngrimuk, nanging upayane ora.kasil. Ningrum mung bisa ndonga rina
wengi marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, muga-muga ibune enggala bisa lumer penggalihe.
Wulan
Juli Ningrum nampa SK CPNS. Dheweke ditugasake ana SLTP ing Wewengkon
Pekalongan. Bungahe Ningrum tan
bisa ginambarake. Dheweke rumangsa nemu cepaka sewakul, kadya kajugrugan gunung
menyan. Ningrum tansah ngaturake puji-syukur. .
Wiwit nampa SK iku, dheweke kudu
pisah karo budhene lan Gunawan kanggo ngayahi tugas luhure, dadi guru sing bisa
digugu lan ditiru temenan. Sanadyan mangkono, yen ana wektu lodhang dheweke
mesthi sowan budhene.
Theng, theng, jam ing tembok nuduhake
tabuh loro tengah wengi. Ningrum njenggirat. Angen-angene buyar. Dheweke
enggal-enggal mapan turu maneh golek endahing pangimpen supaya sesuke ora telat
menyang sekolah.
"Bu Ningrum,"
Ningrurn
ngendhegake lakune. Katon Pak Asrofi gupuh-gupuh marani Bu Ningrum karo nggawa
layang.
"Ana apa,
Pak?"
"Punika
wonten serat kagem Ibu." Sambi ngulungake layang.
Ningrum
nampani layang banjur diiling-ilingi. Ningrum kaget. Pranyata saka Sala.
"Matur
nuwun; Pak."
"Saking
rakanipun inggih, Bu?" godhane:Pak Asrofi karo mesam-mesem.
"Dudu
kok, Pak, saka Bapakku ing Sala."
"Bapak
punapa bapak."
Ningrum
mung mesem digodha ngono iku. Pak Asrofi banjur pamit bakal mbacutake resik-resik
taman.
Ing ruwang guru Ningrum mbukak layang
sing lagi bae ditampa. Diwaca alon-alon. Isine layang, Ningrum dijaluk enggal
bali menyang Sala arnarga ibune gerah lan opname ing Rumah Sakit Oen.
Ningrum tekan Sala nalika srengenge
wis angslup, lansung njujug Rumah Sakit Oen. Awit pitulungane perawat, Ningrum
kanthi gampang nemokae kamare ibune. Alon-alon lawang dibukak. Ibune
lagi sare. Pasuryane katon pucet abang dluwang lan kari lunglit. Alon-alon
ibune dicedhaki.
"Ibu,
Ningrum sampun dugi, Bu," karo nggegem astane ibune.
Ana swara kang
mlebu ing talingan, ibune wungu. Katon
ora percaya yen sing ana ngarepe iku anake wedok sing wis suwe dirantu tekane.
"Ibu, kula Ningrum."
"Oh, Ngger, anakku."
Wong loro padha rerangkulan lan
tetangisan. Ningrum diarasi, dirangkut kenceng kaya-kaya aja nganti ucul maneh.
"Ibu, kula nyuwun pangapunten
awit,"
"Ora Ndhuk, ora. Ibu sing luput
dudu kowe. Ibu sing kudune njaluk pangapura. Kowe bener, Ndhuk: Ibu ketutupan
bandha donya nganti netrane Ibu ora ngerti sapa sejatine Darsono iku!"
pamunggele ibune.
"Sampun, Bu, sampun
dipunpenggalih babagan Punika, ingkang wigatos Ibu enggala dangan."
Wong loro padha ngesokake rasa kangen
sing wis suwe sumimpen ing jero atine. Tekane Ningrum pranyata dadi obat kang
mujarab. Ora gantalan wektu ibune wis waras.
Saka Bapake, Ningrum lagi ngerti yen
Darsono sing dadi pilihane ibune, saiki ndhekem ana sel amarga kasangkut
prakara narkoba.
"Matur nuwun Panjenengan sampun midhangetaken donga
kawula," pamuji syukure Ningrum lirih.
Mendhung kang tansah ngetutake lakune
Ningrum saiki wis sumilak. Padhang njingglang.
Kapethik saka Kumpulan Naskah Juara Lomba
Mengarang / Penulisan Cerita Cekak Berbahasa Jawa.
T u g a s
|
Gawea
cerkak kanthi tema manungsa lan alam. Cerkak ditulis wonten ing kertas folio garis.
Dawane karangan sakaca setengah folio garis
PAWARTA
pw/t
|
Kompetensi
Dasar
3.3 Menelaah teks pawarta.
4.3 Menanggapi,
menulis,
dan menyajikan teks pawarta
secara lisan maupun tulisan.
|
Tuladha Pawarta
Ngalab Berkah Saka Gunungan Sekaten
Warga rebutan gunungan nang ngarep
tlatar Mesjid Gedhe Kauman,
Selasa (14/1/2014). (JIBI/Harian
Jogja/Gigih M Hanafi)
Kamis,
16 Januari 2014 03:30 WIB |
Harianjogja.com,-Atusan warga nunggu arak-arakan
gunungan Grebeg Mulud kang diarak saka Kraton tumuju ing Mesjid Gedhe Kauman,
Selasa (14/1/2014). Ana ing sak tengahing atusan warga iku, akeh para
sesepuh kang melu ngalap berkah rebutan Gunungan
Astuti,
52, wiwit saka tabuh enem esuk wus teka ing Mesjid Gedhe Kauman, kang mapan ana
ing iring kulon Alun-alun Lor Kraton Ngayogyakarta. Karep krentege wus cetha
yaiku nunggu gunungan Grebeg Mulud kang bakal dikirab saka Siti Hinggil Kraton
Ngayogyakarta tumuju Mesjid gedhe Kauman, udakara tabuh 09.30 WIB.
Saka
omahe ing Nogotirto, Gamping, Sleman, Astuti numpak sepeda. Karepe cetha yaiku
sedya kepingin melu ngalab berkah ing pungkasane Pahargyan Sekaten. Lan karep
sedyane Astuti kasembadan. Nalika atusan warga padha rebutan gunungan, dheweke
kayadene oleh berkah nalika ana nom-noman kang menehi thiwul ayu marang
dheweke. “Wau wonten mas-mas saged mlebet ing njero gunungan, lajeng kula
dipendhetke tiwul ayu menika,” ngono ujare Astuti.
“Mangke
thiwul menika badhe kula simpen ing piring ingkang resik, lajeng kula simpen
wonten sentong. Mugi-mugi Gusti paring berkah kaslametan dhateng anak putu
kula,” ngono ujare Astuti.
Dheweke
nganggep menawa thiwul ayu iku mujudake berkah tolak bala kanggo kulawargane.
Ora mung kanggo kaslametan, thiwul iku uga bakal menehi berkah kanggo
tanduran lan sawahe, supaya asil tetandurane ana ing sawah bisa apik.
“Sampun
sangang taun kula ndherek sowan bekti wonten Kraton. Taun wingi kula namung
angsal udhik-udhik kaliyan empring,” ujare Astuti.
Grebeg
Maulud tansah dadi adicara sing diantu-antu dening warga. Siwono, priya sepuh
saka Sedayu, Bantul uga mratelakake babagan kang padha karo apa kang dikarepake
Astuti. Siwono teka saka Sedayu mung sedya melu ngalap berkah saka rebutan
gunungan sing digawa para abdi dalem Kraton. “Bu, kula nyuwun sekedhik
thiwulipun kagem berkah,” ngono ujare Siwono nalika nembung njaluk thiwul
marang Astuti.
Astuti
sejatine ora kepingin menehi thiwul iku marang sapa wae. Ananging amarga ora
tegel weruh Siwono kang wus sepuh, dheweke banjur menehi tiwul sacukupe
marang Siwono. “Nanging njenengan kedhah salat nggih. Meniko kula paringi
sekedhik,” ujare Astuti marang Siwono.
Adicara
grebeg uga ora diliwatake Sarinah, 58, kang asale saka Kutoarjo ing tlatah Jawa
Tengah. Bakda subuh, Sarinah lan tangga teparone padha budhal menyang Jogja
numpak sepeda motor. Deweke rumangsa yen awake ora kanthi yen kudu
desek-desekan karo atusan uwong sing rebutan gunungan. Sarinah milih nunggu
rame-ramenan rebutan gunungan rampung.
Turahan
gunungan kayadene gedebog, biting, watu krikil lan turahane nam-naman gunungan
banjur dijupuki. “Nggih menika kagem kaslametan kemawon. Kagem kaslametan kula
wangsul Kutoarjo,” ujare Sarinah.
Lampahe pasinaon
1.
Siswa maos pawarta
kanthi irah-irahan Ngalap berkah saka gunungan sekaten menika
2.
Siswa takon perkara
menapa kemawon adhedhasar pawarta menika
3.
Siswa madosi unsur
unsur pembangun pawarta menika
4.
Siswa gawe pawarta
dhewe
5.
Siswa ngoreksi kasil
tulisan pawarta kanca sanesipun
6.
Siswa maos pawarta
kasil tulisanipun piyambak
7.
Sareng-sareng gawe
dudutan saking pasinaon menika
8.
Sasampunipun
pasinaon bab pawarta menika siswa saged nglairaken raos sukur marang gusti lan
saged nglampahaken tumindak sosial ingkang sae
Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.Wujud pawarta : lesan lan serat- Lesan : bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.- Serat : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.Pokok-pokoking pawarta: (5W+1H).Ø What (punapa) > Wonten kadadeyan punapa? Punapa sebabipun?Ø Where (wonten pundi) > Kadaosan prastawa punika wonten pundi?Ø When (kapan) > Kapan prastawa punika kadadeyan?Ø Who (sinten) > sinten ingkang ngalami prastawa punika?Ø Why (kenging punapa) > Kenging punapa saged dumados?Ø How (kados pundi) > Kados pundi kadadosanipun?Sajroning proses panulise pawarta, kaidah lan sifat tulisan kudu dadi pedhoman ing antarane :1. Pawarta kudu tepat (accurate)Sawijining Pawarta kang becik lan bener kudu ditulis kanthi pas, lire sawijining pawongan kang kajibah minangka reporter kudu kerja keras nyusun laporanipun kanthi persis ngenani prastawa. Kudu nyebut jam, dina, panggonana, jeneng lan jabatane pawongan. Ora mung bener jroning rincian bageyan kadadeyan nanging kudu trep jroning penyajian keseluruhan kalebu bagean ngendi kang ditonjolake.2. Pawarta kudu imbang (balanced)Tulisan kudu nggambaraken kadadeyan sawetune, lire panyerat dituntut nyuguhake kronologis seimbang saengga para maos bisa oleh katrangan kanthi jelas lan gamblang.3. Pawarta kudu objektif (objektive)Tulisan kudu apa anane, minangka sipat kang kudu diduweni ing saben tulisan. Iki kabeh dudu barang gampang lan entheng.4. Pawarta kudu padhet lan jelas (concise and clear)Pawarta kang becik kudu gampang ditangkep para pamaos kanthi jelas, amarga iku kabeh mujudake manunggaling perkara, kang diduweni, kekancingan logis, ditulis kanthi padhet. Bagiyan kang dianggep penting kudu oleh panggonan jembar. |
Kawruh Sapala
|
5. Pawarta kudu aktual (recent)Ora ketinggalan lan ora kasep, lan iseh anyar. Wektu mujudake unsur kang paling penting, jroneng panyeratan becik, amarga paristiwa kang lumaku kanthi cepet, mula panyeratan kedadean kudu dibarengi. Kapan Pawarta mau ditulis.6. Pawarta kudu komunikatifBasa kang dienggo nyugatake seratan, kudu gampang dipahami para pamaos. Semono uga jenis lan trap-trapan, prasaja. Nanging ora ngurangi bab basane.PARING PANYARUWE/NANGGAPI PAWARTANanggapi pawarta tegese menehi sambutan marang pawarta iku mau kanthi menehi pamanggih setuju utawa ora setuju marang pawarta kang kewaca utawa dirungokake.Kang kudu digatekake nalika menehi panyaruwe/tanggapan,yaiku:1. Tanggapan iku dijlentrehake kanthi panjlentreh kang cekak, padet lan uga digunggun sing apik.2. Pasulayan utawa bab kang bakal ditanggapi kudu cetha .3. Tembung-tembung lan ukara kang bakal digunakake gampang dimangerteni.4. Tanggapan kudu kinantenan alesan kang logis.Nem perangan kang bisa kanggo bobot timbang surasane pawarta bisa antuk kawigatene bebrayan akeh (masyarakat), yaiku :Jeneng, tegese pawarta kang digiyarake ngenani wong kang nduweni komentar, tuladhane tokoh olah raga, tokoh politik.Anyar( up to date ), pawarta kang dadi undering rerasanan ana masyarakat bakal antuk kawigaten kang luwih tinimbangpawarta-pawarta kang wis kadaluwarsa.Penting, pawarta kang digiyarake bisa dianggap penting kanthi ukuran hebat.Konflik, Larah-larahe kedadean pasulayan utawa ontran-ontran bisa narik kawigatenpara pamiarsa.Caket, prastawa utawa kedadean kang digiyarake bakal bisa narik kawigaten manawa nduweni sesambungan kang cedhak karo pamiarsane.Unik, tegese prastawa kang dilaporake nggumunake. |
G l a d h e n
|
1. Wacanen pawarta ing ngandhap menika lajeng tulisen 5 W + 1 H!
2. Tulisna 3 ukara kasunyatan/fakta lan panemu/opini saking pawarta menika!
3. Paringana panyaruwe/tanggapan saking pawarta menika! Ampun kesupen dipunparingi alesanipun
Novel kanggo Ngrumat Sujarah
Begawan
Sastra Jawa Suparto Brata (kiwa) nalika medhar andharan ing dhudhahan buku
novel
karyane asesirah Tak Ada Nasi Lain, Kemis (17/7) wengi, ing Balai Soedjatmoko
Solo.
Novel
abasa Indonesia sing kenthel Jawane kuwi mbabar crita kanthi latar swasana Kutha
Solo lan sakiwa tengene ing taun 1938-1959. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)
Kamis,
25 Juli 2013 12:57 WIB
Maca buku sejarah
wigati kanggo mangerteni sejatining kang dumadi ing jaman kawuri lan ing titi
wanci saiki. Hamula buku sejarah sing kababar arupa buku dening penerbit dadi
buku wajib tumrap para siswa ing sekolah formal.
Buku
sejarah kuwi ngamot katrangan maneka warna kang anjoge bisa dadi kaca benggala
tumrap urip ing jaman saiki lan ing jaman yang bakal teka. Emane, isih akeh
bab-bab wigati kang dumadi ing jaman kawuri ora kacathet ing buku-buku sejarah
kuwi mau.
Dina
Jemuah, 17 Agustus 1945, Bung Karno lan Bung Hatta mbiwarakake kamardikan
Republik Indonesia kanthi maca teks proklamasi. Tegese, ing dina kuwi ngadeg
negara Republik Indonesia sing mardika. Nanging generasi mudha jaman saiki ora
padha ngerti piye swasana pabrayan agung nalika prastawa kang kebak tapsiran
sejarah kuwi dumadi.
Apa
kabeh warga pabrayan agung sing wiwit dina kuwi sabanjure kasebut Republik
Indonesia kabeh padha seneng? Yen ta seneng, senenge kepriye? Swasana kasebut
ora digambarake ing buku-buku sejarah. Swasana kang mangkono mau bisa dibabar
dening Begawan Sastra Jawa, Suparto Brata, ing novel abasa Indonesia asesirah Tak
Ada Nasi Lain, weton Penerbit Buku Kompas, 2013.
Novel
“sejarah” sing kababar sepisanan 50 taun kapungkur ing wujud crita landhung
sing kamot ing ariwarti Kompas kuwi katulis ing basa Indonesia nanging
crita sing kakandhut kenthel dening kabudayan Jawa, mligine kabudayan ing Kutha
Solo lan sakiwa tengene. Ing buku kasebut Mbah Parto—mangkono sesebutan sing
kaprah tumrap Suparto Brata—nyritakake swasana nalika kluwarga pegawai sepur
padha ngungsi saka Garut tumuju Sragen.
Uga
ana gegambaran swasana nalika tentara Divisi Siliwangi iang Jawa Barat kudu
long march, ngungsi menyang Solo. Malah ana uga gegambaran swasana nalika
Partai Komunis Indonesia madeg kraman sedya ngrebut panguwasa ing taun 1948.
Kedadeyan-kedadeyan wigati kanggo merdeni apa kang dumadi ing jaman kawuri
kasebut dening Mbah Parto diracik adhedhasar pengalaman pribadine, ora asumber
saka buku-buku utawa critane wong-wong liya.
”Novel
iki [Tak Ada Nasi Lain] dak tulis seket taun kepungkur. Ora bisa kababar
nganti 1990-an kamot ing ariwarti Kompas minangka crita landhung. Wulan
Mei wingi [Mei 2013] bisa bisa kababar ing wujud buku,” ujare Mbah Parto nalika
medhar andharan ing dhudhahn novel Tak Ada Nasi Lain ing Balai
Soedjatmoko Solo, Rebo (17/7) wengi kapungkur.
Novel
kasebut nyritakake paraga bocah keturunan ningrat sing jenenge Saptono. Paraga
bocah iki gegambaran pribadine Suparto Brata dhewe. Bocah kuwi dititipake ing
kluwarga ningrat ing Gajahan, Solo. Novel 545 kaca kasebut mbabar kahanan Kutha
Solo lan sakiwa tengena ing antarane taun 1938-1958. Maca novel ini bakal
nuwuhake gegambaran kahanan pabrayan agung ing Solo lan sakiwa tengene ing
jaman penjajahan Walanda, Jepang, jaman perang kamardikan lan jaman ideologi
komunis ngrembaka ing tlatah Indonesia.
Miturut
panulis novel wayang, Pitoyo Amrih, kang rawuh ing dhudhahan buku kasebut,
novel karyane Mbah Parto kuwi kapetung novel ing basane samadya, kepenak
diwaca. Miturut Pitoyo, Mbah Parto kasil nggawa swasana batine, rasa wedi lan
seneng, sarta swasana wewengkon Solo nalika jaman penajajahan Walanda, jaman
penajajahan Jepang, jaman ideologi komunis ngrembaka lan jaman nalika akeh
cecongkrahan ing antarane warga Republik Indonesia.
Miturut
Pitoyo, novel abasa Indonesia sing kenthel banget Jawane kuwi bisa dadi kaca
benggala kanggo merdeni laku jantraning urip pabrayan agung ing Kutha Solo lan
tlatah sakiwa tengene. ”Aku nyathet ana sing langka temen-temen ing novel iki.
Panulis ngandharake pengalaman uripe ing novel ini, ora ana let antarane
panulis lan crita sing dibabar,” pratelane Pitoyo.
Basane
uga kepenak lan bisa nuwuhake rasa katut, keli, lan kaya-kaya bisa ngrasakake
apa kang dumadi ing jaman sing dadi latare crita kasebut. Miturut Pitoyo, bab
mangkene iki tangeh lamun bisa tuwuh nalika maca buku sejarah, cathetan
sejarah, utawa ensiklopedia sejarah. Ana pasarta dhudhan buku kasebut, Susanto,
sing nyaruwe jalaran nemokake ana fakta utawa kanyatan yang beda utawa cengkah
kalawan apa sing kababar ing novel kasebut.
Susanto
uga nyaruwe novel kasebut ora ngamot tanggal, sasi lan taun tumrap
kedadeyan-kedadeyan yang mujudake kedadeyan ngamot tapsiran sejarah tumrap laku
jantraning pabrayan Kutha Solo lan Republik Indonesia. Susanto nelakake ing
novel kasebut Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia mung ditulis dumadi ing
dina Jemuah, tanpa tanggal, sasi, taun lan jam.
Nanging
Susanto uga ngalem novel kasebut jalaran kebak simbol. Simbol kasebut kayata
nalika jaman penjajahan Jepang para abdi dalem kraton disebut “budak raja”.
Sesebutan mangkene iki ora ana nalika jaman penjajahan Walanda. Krungu
panyaruwe mau, Mbah Parto nelakake duwe krenteg bakal gawe revisine ing babaran
sing kapindho.
Nanging,
Pitoyo ora sarujuk marang krentege Mbah Parto mau. Miturut dheweke novel asli
kasebut wigati minangka “cathetan sejarah kasusastran”. Novel sing asli
kasebut—tanpa revisi—nuduhake gegambaran kahanan, pengalaman dan swasana ing
jaman sing dadi latare novel kuwi. Pitoyo nelakake novel kasebut genah
dudu buku sejarah, sanajan crita sing kababar pancen pengalaman nyata.
”Ora
prelu direvisi, kareben asli kaya iki,” pratelane Pitoyo. Apa kang ndayani Mbah
Parto saengga seket taun kapungkur nulis novel kasebut? Miturut Mbah Parto,
nalika dheweke sekolah ”angka loro” ing Sragen, saben dina mung sinau maca buku
lan maca buku. Maca buku ing jaman kuwi mujudake laku kang wigati banget.
Nalika jaman Walanda, para siswa keturunan ningrat kudu maca buku. Ing jaman
penjajahan Jepang, para siswa uga wajib maca buku.
”Jaman saiki para
siswa sekolah ora dikulinakake maca buku. Aku prihatin kahanan saiki. Bocah
lulus SMA rata-rata durung ngrampungake buku siki. Jaman nalika aku isih
sekolah biyen sinau kuwi ya maca buku. Tangeh lamun gegayuhan dadi kanyatan
tanpa maca buku,” pratelane Mbah Parto. Ing pungkasan adicara dhudhahan buku
kuwi, Mbah Parto ngelingake kabeh sing teka lamun siji-sijine dalan kanggo
mbangun bangsa iki ora liya ngulinakake maca buku.
T u g a s
|
Gawea
pawarta adhedhasar gambar ilustrasi ing ngandhap menika. Nuli pawartamu diwaos
piyambak wonten ngajeng kelas. Pilihen siji saking pawarta sing kosenengi
lajeng dirmbakakaken dados pawarta ingkang jangkep kanthi tokoh, papan lan
sapunanggalane ngangge karanganmu dhehwe!
Gambar 1 Gambar
2
Gambar 3 Gambar
4
Gambar 5 Gambar
6
Gambar 7 Gambar
8
Gambar 9 Gambar
10
Gambar
11 Gambar
12
OMAH
ADAT JAWA
[aomhaftJw
|
Kompetensi
Dasar
3.4 Menelaah
teks deskriptif tentang
rumah adat Jawa.
4.4
Menanggapi
dan menceritakan kembali isi
teks deskriptif tentang rumah adat Jawa.
|
Omah Adat Jawa Tengah
Ing wewengkon Jawa
Tengah wonten jinis omah minangka wangunan asli ingkang nganti samenika taksih
tetep urip lan ngrembaka. Ilmu ingkang nyinaoni seni bangunan masyarakat
sinebut ilmu Kalang. Denen wong kang nyinaoni sinebut Wong Kalang. Miturut
arsitektur tradisional Jawa wonten 5 jinis wangunan, inggih menika :
1.
Panggang pe: yaiku wangunan namung nganggo payon sasisih
wae.
2.
Kampung: yaiku wangunan nganggo payon rong sisih lan
wonten wuwungngan ing tengahe.
3.
Limasan: yaiku wangunan nganggo payon sekawan sisih
nganggo wuwungan ing tengahe.
4.
Joglo/Tikelan: yaiku wangunan nganggo saka guru lan
patang empyak/payon lan wuwungan ing tengahipun.
5.
Tajug: yaiku wangunan
nganggo saka guru lan patang empyak nanging tanpa wuwungan.
Kang kawentar saking jinise omah jawa inggih
menika omah joglo. Omah joglo kaperang dadi 3, yaiku
1.
Pendhapa
Pendhapa
digunakake minangka panggonan nampa tamu. Biasane pendhapa luwih amba lan luwih
jembar karepe ben bias nampa tamu luwih akeh.
2.
Pringgitan
Pringgitan
mapane ana perangan tengah. Pringgitan saka tembung pa-ringgit-an, ateges jaman
biyen minangka papan kanggo nonton wayang kulit.
3.
Ndalem/omah jero
Ndalem
minangka papan kanggo ruang keluarga. Ing jero ruangan iki wonten senthong
(kamar) yaiku senthong kiwa, senthong tengah lan senthong tengen.
Minangka tambahan
kawruh, omah joglo kaperang dadi maneka warna, antawisipun :
·
Omah Joglo Pangrawit.
·
Omah Joglo Jompongan.
·
Omah Joglo Limasan Lawakan.
·
Omah Joglo Semar Tinandhu.
·
Omah Joglo Mangkurat.
·
Omah Joglo Sinom.
·
Omah Joglo Hageng.
Makna kang
kakandhut sajrone wangunan omah adat jawa
Kathah nilai/pitutur kang bias kapendhet
saka wangunan omah adat jawa ing antarane :
1.
Simbol
status sosial
Jaman kawuri, omah
kampung, panggang pe lan limasan umumipun minangka omah kang diduweni warga
masyarakat limrah utawa masyarakat ndesa. Dene omah joglo lan tajug minangka
omahipun tiyang kang nggadhahi status social luwih dhuwur, umpamane para
priyayi lan kraton.
2.
Panggonan
kangge kumpulipun kulawarga ageng
Omah adat jawa apa
wae wangunane, nduweni titikan/ciri ingkang sami yaiku nduweni ruan tamu
ingkang jembar lan ruang kaluwarga ingkang alit. Menika nggambarake bilih
tiyang jawi langkung nengenake urusan masyarakat katimbang perkawis pribadi.
Perkawis menika nggadhahi teges mengku nilai social/kebersamaan lan
kakulawargan/kekeluargaan ingkang ageng sanget. Benten kados omahipun tiyang
jaman samenika
3.
Wangunan
kang ramah lingkungan
Omah joglo digawe
supaya sirkulasi udara menika saged
lancer. Semono uga kangge mlebune sunaring srengenge kathah, saengga boten
betah lampu ingkang kathah ugi boten betah AC.
4.
Wangunan
kang kuat lindhu
Wangunan omah adat
jawa menapa kemawon anggenipun nepungaken saka,
pager, blandar, usuk lan reng boten dipunpaku ananging dipaju (pasak)
lan ditaleni. Wangunan mekaten ndadekake kuwat lindhu. Menawi wonten lindhu
omah boten langsung ambruk, ananging nelu obah ngembati lindhune.
Lampahe pasinaon
1.
Siswa maos teks
deskripsi ngenani omah adat jawa
2.
Siswa gawe cathethan
cilik/ringkes
3.
Nganggo basane
dhewe, siswa nyritakake malih isine teks omah adat jawa.
4.
Siswa sareng kaliyan
guru gawe dudutan
5.
Sasampunipun
pasinaon bab omah adat jawa menika siswa saged nglairaken raos sukur marang
gusti lan saged nglampahaken tumindak sosial ingkang sae
G l a d h e n
|
Wangsulana
pitakonan ing ngandhap menika!
1. Sebutna nuli
andharna jinise omah adat tradhisional Jawa!
2. Sebutna nuli
andharna perangane omah joglo!
3.
Nilai/pitutur menapa kemawon ingkang saged dipunpendhet
saking omah adat jawa
T u g a s
|
Golekana
teks deskripsi ngenani omah adat jawa wonten internet. Lajeng ringkesen, nuli
nganggo basamu dhewe critakna malih. Tugas dipunserat wonten kertas folio
bergaris. Ampun kesupen dipunserat sumber internetipun lan kapan anggonmu
ngundhuh.
AKSARA
JAWA
akSrjw
|
Kompetensi
Dasar
3.5
Mengidentifikasi kaidah
penulisan aksara Jawa
dalam 2 (dua) paragraf yang menggunakan sandhangan
mandaswara.
4.5
Menulis dua
paragraf berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan mandaswara.
|
Aksara
Jawa Legena / Dentawiyanjana lan pasanganipun
a
|
.. H
|
n
|
N
|
c
|
C
|
r
|
R
|
k
|
K
|
ha
|
Na
|
Ca
|
ra
|
ka
|
|||||
f
|
F
|
t
|
T
|
s
|
.. S
|
w
|
W
|
l
|
L
|
da
|
ta
|
Sa
|
wa
|
la
|
|||||
p
|
P
|
d
|
D
|
j
|
J
|
y
|
Y
|
v
|
V
|
pa
|
dha
|
Ja
|
ya
|
nya
|
|||||
m
|
M
|
g
|
G
|
b
|
B
|
q
|
Q
|
z
|
Z
|
ma
|
ga
|
Ba
|
tha
|
nga
|
Kangge
mbyantu mahamake pasangan :
1.
Pasangan kang panulise wonten sisih
tengenipun aksarane
…. S
|
….. P
|
…… H
|
sa
|
pa
|
ha
|
Ingkang
sanesipun wonten ngandhapipun lempeng wingkingipun aksara
2.
Pasangan ingkang wutuh kaya aksara
legenane
R
|
G
|
Z
|
Y
|
ra
|
ga
|
nga
|
ya
|
3.
Pasangan ingkang wujude tugelan
aksara legenane
H
|
P
|
K
|
T
|
L
|
ha
|
pa
|
ka
|
ta
|
la
|
4.
Pasangan ingkang memper
S
|
P
|
M
|
W
|
D
|
Q
|
||
sa
|
pa
|
ma
|
wa
|
dha
|
tha
|
5.
Pasangan ingkang benten sanget
kaliyan aksara legenane
J
|
N
|
C
|
B
|
F
|
V
|
ja
|
na
|
ca
|
ba
|
da
|
nya
|
1.
Sandhangan
a.
Sandhangan swara
Sandhangan
swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.
i
|
u
|
E
|
[
|
[
.. o
|
Wulu
|
suku
|
Pepet
|
taling
|
taling
tarung
|
b.
Sandhangan panyigeging wanda
Sandhangan panyigeging wanda iku
sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana:
layar, wignyan, cecak lan patèn.
·
Layar ( /
)
Layar iku
mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
Tuladha : samar ( sm/ )
·
Wignyan ( h
)
Wignyan iku
mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
Tuladha : wayah ( wyh )
·
Cecak ( = )
Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing
sawijining aksara
Tuladha : wening ( weni= )
c.
Sandhangan wyanjana
Sandhangan wyanjana iku cacahé ana
telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.
·
Cakra ( ] )
Cakra iku
mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis ditambahi cakra uga
bisa didokoki sandhangan swara manèh.
Tuladha : cokrah ( [cok]h )
·
Keret ( }
)
Keret iku
mènèhi wanda /rě/ ing sawijining aksara.
Tuladha : kretek ( k}tek )
·
Péngkal ( -
)
Péngkal iku
mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra.
Tuladha : kyai ( k-ai )
G l a d h e n
|
Panyeratipun aksara jawa kedah :
1.
Kaserat miring nengen
kira-kira 600
2.
Anggenipun nyerat diwiwiti
saking ngandhap
3.
Anggenipun nyerat boten
tugel
4.
Kaserat nggandhul wonten
ing garis
Tuladha :
a n ci ru ke
5.
Kangge nyerat ukara kedah
diwiwiti kaliyan adeg-adeg ( ? ) lan dipungkasi kaliyan
pada lungsi/titik ( . )
|
Kawruh Sapala
|
Tulisen
nganggo aksara jawa :
1.
Arep arep
2.
Nanem nanas
3.
Cerak ceritane
4.
Rusak rusak
5.
Katon kabeh
6.
Datan dugi
7.
Tarik tambang
8.
Sabin sakothak
9.
Wolak walik
10.
Lagon lagon
11.
Papat papat
12.
Dhatan dhateng
13.
Jeruk jingga
14.
Yayah mas yayan
15.
Nyawang nyatnyana
16.
Mangan mangan
17.
Gugup gupuh
18.
Bapak bapak
19.
Thuthuk thuthuk
20.
Ngarep ngarep
Wacanen wacan dongeng aksara jawa ing
ngandhap menika, pilihen sapada sing kosenengi, lajeng, tulisen nganggo aksara
jawa
Dongen Aksara Jawa
Kacaritå ing jaman
mbiyèn ånå wóng såkå Tanah Hindhústan anóm jênêngé Aji Såkå. Dhèwèké putrané
ratu, nangíng kêpéngín dadi pandhitå síng pintêr.
Kasênêngané mulang kawrúh rupå-rupå. Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jåwå.
Kasênêngané mulang kawrúh rupå-rupå. Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jåwå.
Banjúr anuju sawijiníng dinå Aji Såkå sidå mangkat mênyang Tanah Jåwå, karo abdiné papat síng jênêngé Dugå, Prayogå, Dorå lan Sambådå. Barêng têkan ing Pulo Majêthi pådhå lèrèn. Aji Såkå banjúr nilar abdiné loro; Dorå lan Sambådå ing púlo iku.Déné Aji Såkå karo Dugå lan Prayogå arêp njajah Tanah Jåwå dhisík.
Dorå lan Sambådå diwêlíng orå olèh lungå såkå kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi kêrís pusakané, didhawuhi ngrêkså, ora olèh diêlúngaké marang såpå-såpå.Aji Såkå banjúr tindak karo abdiné loro mênyang ing Tanah Jåwå. Njujúg ing nêgårå Mêndhang Kamolan.
Síng jumênêng ratu
ing kono ajêjulúk Prabu Déwåtå Cêngkar. Sang prabu iku sênêngané dhahar dagingé
wóng. Kawulané akèh síng pådhå wêdi banjúr pådhå ngalíh mênyang nêgara liya.
Patihé ngaran Kyai Tênggêr.Kacarita Aji Såkå ånå ing Mêndhang Kamolan jumênêng
guru, wóng-wóng pådhå mlêbu dadi siswané.
Pårå siswané pådhå
trêsna marang Aji Såkå amêrga dhèwèké sênêng têtulúng.
Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå Sêngkêran dipèk anak karo nyai råndhå. Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji Såkå.
Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå Sêngkêran dipèk anak karo nyai råndhå. Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji Såkå.
Anuju sawijiníng
dinå sang prabu Déwåtå Cêngkar dukå bangêt ora wóng manèh síng biså didhahar. Aji
Såkå banjúr sagúh dicaósaké sang nåtå dadi dhaharané.
Sang nyai råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt.
Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku ora usah kuwatír yèn dhèwèké ora bakal mati.
Sang nyai råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt.
Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku ora usah kuwatír yèn dhèwèké ora bakal mati.
Banjúr Aji Såkå
diatêraké ngadhêp prabu Déwata Cêngkar.
Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat Aji Såkå dadi priyayi, nangíng Aji Såkå ora gêlêm. Ånå siji panyuwuné, yåiku nyuwún lêmah saikêt jêmbaré. Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.
Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat Aji Såkå dadi priyayi, nangíng Aji Såkå ora gêlêm. Ånå siji panyuwuné, yåiku nyuwún lêmah saikêt jêmbaré. Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.
Sang prabu Déwåtå
Cêngkar iyå banjúr nglilani.
Nuli wiwít ngukúr lêmah diastå dhéwé. Ikêté Aji Såkå dijèrèng. Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå. Iya dituti waé déníng sang prabu.
Nuli wiwít ngukúr lêmah diastå dhéwé. Ikêté Aji Såkå dijèrèng. Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå. Iya dituti waé déníng sang prabu.
Nganti nótóg ing
sêgårå kidúl. Barêng wís mèpèd ing pinggír sêgårå, ikêté dikêbútaké. Déwåtå
Cêngkar katút mlêsat kêcêmplúng ing sêgårå.
Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl.
Wóng-wóng ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah.
Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå.
Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl.
Wóng-wóng ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah.
Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå.
Sêka panyuwuné wóng
akèh. Aji Saka nggantèni jumênêng ratu ånå ing nêgårå Mêndhang Kamolan ajêjulúk
Prabu Jåkå, iya prabu Widåyåkå.
Déné patihé isíh lêstari kyai patíh Tênggêr. Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati, ngarané tumênggúng Dudugå lan tumênggung Prayogå.
Déné patihé isíh lêstari kyai patíh Tênggêr. Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati, ngarané tumênggúng Dudugå lan tumênggung Prayogå.
Sang prabu Jåkå, iyå
sang prabu Widåyåkå nimbali si Dorå lan si Sambadå.
Kacarita sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå. Diadhêp kyai patíh sartå pårå bupati. Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå kêrís ånå ing Pulo Majêthi. Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan si Sêmbådå.
Kacarita sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå. Diadhêp kyai patíh sartå pårå bupati. Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå kêrís ånå ing Pulo Majêthi. Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan si Sêmbådå.
Prayogå lan Dudugå
ora bisa mangsuli awit wís suwé ora krungu åpå-åpå.
Kacarita si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi. Wóng loro iku wís pådhå krungu pawårtå manåwå gústiné wís jumênêng ratu ånå ríng Mêndhang Kamolan.
Kacarita si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi. Wóng loro iku wís pådhå krungu pawårtå manåwå gústiné wís jumênêng ratu ånå ríng Mêndhang Kamolan.
Si Dorå ngajak sowan
nangíng si Sambådå ora gêlêm awít wêdi nêrak wêwalêré gústiné, ora parêng
lungå-lungå sêkå pulo Majêthi, yèn ora tinimbalan.
Nangíng si Dorå nékad arêp sowan dhéwé. Si Sambådå ditilapaké. Banjúr mangkat ijèn waé.
Nangíng si Dorå nékad arêp sowan dhéwé. Si Sambådå ditilapaké. Banjúr mangkat ijèn waé.
Ånå ing dalan si
Dorå kapêthúk karo tumênggúng Dudugå lan Prayogå. Utusan loro mau banjúr diajak
bali déníng si Dorå.
Awit si Sambadå dijak ora gêlêm.
Wóng têlu banjúr sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing ngêndi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gêlêm diajak.
Awit si Sambadå dijak ora gêlêm.
Wóng têlu banjúr sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing ngêndi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gêlêm diajak.
Mirêng aturé si
Dorå, sang prabu dukå bangêt, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn.
Banjúr Dorå, didhawuhi bali mênyang pulo Majêthi lan nimbali si Sambådå.
Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi dirampungi lan kêrisé dibalèkaké.
Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi kêtêmu karo Sêmbådå. Kåndhå yèn mêntas sowan gústiné. Saiki diutús nimbali si Sambådå. Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå.
Banjúr Dorå, didhawuhi bali mênyang pulo Majêthi lan nimbali si Sambådå.
Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi dirampungi lan kêrisé dibalèkaké.
Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi kêtêmu karo Sêmbådå. Kåndhå yèn mêntas sowan gústiné. Saiki diutús nimbali si Sambådå. Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå.
Nangíng si Sambådå
ora ngandêl marang kandhané si Dorå. Banjúr pådhå padu ramé. Suwé-suwé pådhå
kêkêrêngan, dêdrêg ora ånå síng kalah, awít pådhå digdayané. Wasånå banjúr
pådhå nganggo gaman kêrís pådha gênti nyudúk. Wêkasan pêrangé sampyúh. Si Dorå
lan si Sambådå pådhå mati kabèh.
Sang Prabu
ngarêp-arêp têkané si Dorå. Wís sawêtårå suwéné têkå durúng sowan-sowan mångkå
didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumênggúng Dudugå lån Pråyogå.
Didhawuhi nusul si Dorå mênyang pulo Majêthi. Sanalikå banjúr mangkat.
Barêng Dudugå lan
Prayogå wís têkå ing pulo mau, kagèt bangêt déné si Dorå lan si Sambådå kêtêmu
wís pådhå mati kabèh. Tilasé mêntas pådhå kêkêrangan pådhå tatu kênå ing gaman.
Pusåkå kêrís síng dadi rêrêksan gumléthak ånå ing sandhingé.
Pusåkå banjúr
dijupuk arêp diatúraké marang gústiné.
Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané, awít pancèn kaluputané dhéwé wís kêsupèn pandhawuhé.
Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo mèngêti abdiné loro iku.
Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané, awít pancèn kaluputané dhéwé wís kêsupèn pandhawuhé.
Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo mèngêti abdiné loro iku.
T u g a s
|
Wacanen aksara jawa ing ngandhap menika!
ÄsewezimuputFkT|=guankÑ|,aku[aor[z][wsKannÑ|,k=[goku,ankÑ|biswrsÑ|wisi=bku.
?akuwiwitK`smenw[d[w[kbzetFkT~sNnilnHkuwefi[kl=z[nD[w[kK.
DAFTAR PUSTAKA
Agus
Effendi. 2007. Wewaton ajar nembang. Sukoharjo :UNIVET Bantara Press.
Endang
Nurhayati. 2006. Linguistik Bahasa Jawa. Yogyakarta : Bagaskara
Hesti
Mulyani. 2013. Komprehensi Tulis. Yogyakarta :Astungkara Media
Suwardi.
2009. 30 Metode Pembelajaran Bahasa dan Sastra Jawa. Yogyakarta :
Lumbung Ilmu
Widodo
BS. 2008. Titi Laras Nembang Macapat. Semarang: UNNES Press
http://alatmusiktradisional.com/rumah-adat-jawa-tengah-joglo-dan-ciri-khasnya.html diunduh tanggal 15
Agustus 2014 pukul 17:06
http://apisuci.blogspot.com/2012/02/serat-wedhatama-lengkap.html.
diunduh
tanggal 15 Agustus 2014 pukul 16:58
http://kidemang.com/dongeng-aksara-jawa. diunduh tanggal 16
Januari 2012 pukul 11:55
http://kebudayaan1.blogspot.com/2013/10/rumah-adat-jawa-tengah-joglo.
html
diunduh tanggal 15 Agustus 2014 pukul 17:06
http://www.solopos.com/2012/02/10/kalawarti-maca-koran-abasa-jawa-rasane-luwih-menep-161240 diunduh tanggal 5
September 2014 pukul 11:36
http://www.solopos.com/2014/01/16/ngalab-berkah-saka-gunungan-sekaten-482233 diunduh tanggal 5
September 2014 pukul 11:36
http://www.solopos.com/2013/07/25/sastra-lan-kabudayan-novel-kanggo-ngrumat-sujarah-430646 diunduh tanggal 5
September 2014 pukul 11:36
Cathetan
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………