“PANYANDRA” PANGGIH
PENGANTEN NYAYOGYAKARTA
Para rawuh ingkang kinormatan, kawuningana bilih adicara panggih sri
penganten sarimbit badhe kawiwitan. Pramila dhumateng para tamu kasuwun
jumeneng, minangka pakurmatan dhumateng panggihing sri penganten.
Sampun dhumawahing ing kodrat, dhasar karekat sampun
binerkat, mring Gusti kang Murbengrat, ana titahing Gusti jalu tanapi wanita,
dhaup palakrama arsa pinanggiya ing wiwaraning sasana wiwaha. Aloking kang
samya humiyat kae lho pengantene.
Minangka pambuka tumapaking adicara panggih, juru ampil
pisang sanggan saking kulawarga penganten kakung arsa ngabyantara sowan wonten
ngarsaning Bapak/Ibu
.......................... Juru ampil pisang sanggan minangka dutanipun
Bapak/Ibu ............... kinen ngaturaken panebusing penganten putri. Sampun ngabyantara ingkang dinuta, makaten ta
pangandikan kalamun kawijil ing lisan:
“Kula ngaturaken pisang
sanggan minangka panebusing penganten putri.”
“Sampun kula tampi
kanthi jangkep, adicara panggih tumuli badhe katindakaken”
Sampun tinampi pisang sanggan dening Ibu .................,
minangka panebusing penganten putri. Kang kasdu mastani, pisang nun inggih
hanampi gesang, risang penganten kakung sampun samekta nampi gesaningipun
risang penganten putri, sarta badhe gesang tembayatan, urip bebarengan.
Kawuryan saking mandrawa risang abagus miwah ahayu sampun
lumaksana tumuju ing papan kang piniji minangka sasana nggenira arsa pinanggya.
Alon-alon anggenira lumaksana, kinanthi mring para wredha.
Humiyat penganten kakung sampun napakaken pada, risang
penganten putri kinanthi para wredha tumuju ing sasana panggih. Ingkang
mangarsani nun inggih juru ampil sekar kembar mayang.
Jajane risang penganten kakung sigra kinepyok kembar mayang,
parasing sedya amrih tinebihaken ing tulah sarik miwah bendu panyendu.
Saya caket nenggira lumaksana penganten sarimbit, kekalihnya
samya apagut tinggal, datan saranta risang ahayu murwakani ambalang gantal.
Gumantya risang abagus ngimbangi karsaning risang ahayu. Gantal dumadi saking
sedhah kang lininting tinangsulan lawe seta. Sedhah kaya lumah lawan kurebe,
dinulu beda rupane, gineget tunggal rasane. Sandyan sajuga mijil priya, sajuga
mijil wanita, kalamun sampun tinangsulan tresna suci, pinesthi dadi
jatukramane.
Laju hanjengku risang penganten putri mijiki samparaning
ingkang garwa kanthi toya perwita kang sinebat ranupada. Ranu nun inggih warih,
her, utawi toya. Pada nun inggih samparan. Karekating manah amrih ilang
salwiring sukreta, kalis saking sambekala.
Paripurna anggenira mijiki samparaning kang raka, jinunjung
lenggah risang ahayu dening risang abagus. Kekalihnya samya aben ajeng, tumuli
Ibu ......................... nun inggih sang juru sumbaga, meteg antiga ing
palarabaning risang penganten sarimbit, pinecah antiga minangka pralambanging
pecah nalar, pecah mikir, wiwit wanci menika risang ahayu .................
saha risang abagus ............................ badhe mangun bale wisma, bawa
priyangga.
Kawuryan risang
penganten sampun jumeneng jajar arsa lumaksana tumuju ing sasana rinengga nun
inggih sasana pinajang.
Gandheng renteng-renteng nggenira lumaksana penganten
sarimbit. Dhasar kawit timur wus ginunggung-gunggung mring edi luhuring budaya
marma anggenira lumaksana, tumapaking pada nut wiramaning gendhing. Tumungkul
wedanane, madhep mantep pamulate, suka pratandha bilih penganten sarimbit
sampun saeka praya ing sedya saeka kapti ing pakarti, kanthi manunggal ing
rasa, cipta, miwah karasane, sarwi asesanti rumangsa handarbeni, melu
hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.
Sinten ta ingkang mangarsani lampah, nenggih patah
sakembaran, kembar busanane, kembar dedeg piadege, kembar kasulistiyane.
Sanadyan ta maksih timur, dereng pedhot nggeget sedhah, parandene kalamun ing
dewasane kawuryan kasulistiyane kang bakal gawe gawoking para jejaka kang samya
humiyat. Sawuntatnya risang penganten nenggih ingkang rama miwah ingkang ibu,
nenggih rama ibu ............................ Kanthi sesanti tutwuri handayani,
ingkang rama miwah ingkang ibu sampun jumurung ing karsa, mring karekating
putra anggenira palakrama arsa mangun bale wisma. Tutwuri handayani, tansah
suka pepuji mring ngarsaning Gusti, amrih ingkang putra sarimbit, anggenipun
mengku bale griya, tulus raharja, gesang mulya lan minulya.
Risang penganten
sarimbit sampun lenggah ing sasana rinengga. Kepareng para tamu lenggah wonten
sasana sakawit, matur nuwun awit sampun suka pakurmatan dhumateng panggihing
penganten sarimbit. Tumuli badhe katindakaken adicara adat. Risang penganten
kang lenggah ing sanana rinengga, kalamun kacandra kadya puspa warnane.
Adicara adat kacar-kucur, tampa kaya, wus jumeneng risang
abagus ngasta pirantining kacar-kucur, tampa kaya. Kyai Ambar Sejati badhe
maringaken kaya dhumateng Nyai Ambar Sejati. Kacang kawak, dhele kawak , wong
liya dadia sanak, wong adoh dadio cedhak, nastiti, ngati-ati, werdi, dadi.
Kacar kucur tampa kaya, kacang kawak dhele kawak, arta receh minangka
pralambang tanggel jawabing priya dhumateng garwa. Risang abagus wus sumadhiya
angupaya sandhang miwah boga mrih kacekapaning kulawarga. Satemah kulawarga datan
kacingkrangan, sukur bage pinaringan
kasugihan.
Asiling guna tampa kaya, arsa katitipaken dhumateng ingkang
ibu, nun inggih ..............
satunggaling wanodyagung ingkang pinitados mring risang penganten sarimbit
kinen rumeksa asiling guna tampa kaya.
Paripurna sowan ingkang ibu, penganten sarimbit wangsul
wonten ing sasana sakawit, arsa nindakaken dhahar klimah. Risang abagus
ngepel-ngepel sekul jenar. Kalamun taksih wujud wos, kumepyur, parandene
ingolah sarta kinepel dening penganten kakung manunggal dadya sawiji.
Pratandhane risang penganten manunggalaken gumolonging tekad denira arsa
hambangun brayat. Setunggal baka setunggal, sekul kang kinepel risang abagus
kadhahar risang ahayu sarwi lawuh ati antep. Maknanipun bilih penganten
sarimbit sampun mantep ing nala anggenira dhaup palakrama arsa mangun bale
wisma.
Ngunjuk toya wening, maknane bilih salwiring kandha sarta
solah bawa arsa kapenggalih kanthi weninging nala. Satemah datan damel seriking
asanes, tansah karyenak tyasing sasama.
Paripurna risang
penganten ngunjuk toya wening, arsa katindakaken adicara sungkeman, kapurwakan
Bapak/Ibu ...................... arsas mapag risang besan.
Sampun mandhap saking
sasana piniji Bapak/Ibu ........................ wengkuning sedya hamung tumuju
ing wiwaraning sasana wiwaha, nenggih mapag ingkang besan Bapak/Ibu
................... Rerentengan anggenira lumaksana, esem tansah sinungging ing
lathi mratandhani kalamun sukeng driya bombong ing wardaya.
Pinapag risang besan,
sampun pinanggiya, sarwa-sarwi ajejawat asta, mangayubagya rawuhipun ingkang
besan sarimbit. Paripurna anggenira bage-binage, risang besan enggal
kadherekaken tumuju ing sasana pinajang. Para ibu ingkang mangarsani lampah,
dene bapak ingkang tutwuri. Menika suka pratandha bilih priya kedah junjung
drajating wanodya, jumurung ing karsaning wanita ingkang lumampah ing marganing
kamulyan.
Anggenira lumaksana,
satindak tumoleh manganan, sapecak tumoleh mangiring, esthine driya mung suka
penget dhumateng para kawula dasih kaswasih, enget mring jatining panembah ing
ngarsaning Gusti, nggenira tumitah ing jagad raya, sarta kadya asung pambagya
mring rawuhing para tamu kang minulya.
Prapta ing sasana
mulya, risang besan kadherekaken lenggah wonten ing sasana ering kiwa. Uninga
risang besan sampun lenggah satata, Bapak/Ibu ........................ wangsul
wonten ing sasana palenggahan sakawit, ing kananing risang penganten. Risang
penganten arsa anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu, nyuwun puji
pangestu amrih widodo uripe.
Sampun jengkar saking dhampar risang penganten sarimbit.
Parasing sedya hamung arsa anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu.
Repepeh-repepeh hangeka pada anggenira ngabyantara ing ngarsaning ingkang rama
miwah ingkang ibu. Tangkeping asta risang penganten sumungkem ing jengku ering
kanan. Esthining manah risang penganten hamung nyenyadhong puji pangestu, donga
pangastawa, amrih gesangipun manggih mulya lan minulya. Mulya tegesipun, risang
penganten tatkala mangun bale wisma, gesang tembayatan, sageda kacekapan
sandhang boga. Sadhengah papan kang kasrambah tansah suka gampil anggenipun
angupaya sandhang miwah boga. Sukur bage pinaringan kasugihan, satemah saged
lumeber ing kadang santana miwah tangga
tepalih. Ing tembe gesangipun murakabi tumrap kulawarga miwah bebrayan agung.
Minulya tegesipun risang penganten kasinungan kawibawan luhur, kinacek mring
sapadha-padha, bisa mrojoling akarep, punjuling apapak, satemah kajen
kineringan mring sasami.
Kawuwusa tatkala sinungkeman pepadane, ingkang rama kadya
sinendhal mayang batine. Satemah datan kuwawa hambabar wicara, ingelus-elus
pamidhangane, winir-wiwir rikmane risang penganten. Hayem tentrem ing
pepadaningkang rama miwah ingkang ibu, mahanani risang penganten eling marang
purwa duksina. Eling marang purwane, rama kang wis kuwagang hangukir jiwa
ragane, eling marang kang ibu, kang wis minangka sasana yoga brata nawa candra
dasa ari suwene. Eling marang ingkang rama miwah ingkang ibu, kang wis
nggulawenthah wiwit timur nganti dewasane, ing ri kalenggahan menika dhaup
palakrama arsa mengku bale wisma. Nun inggih awit wiwit timur risang penganten
sampun anggung-ginunggung pepoyaning kautamen, penganten sarimbit dereng saged
males budi luhuripun ingkang rama miwah ingkang ibu, mila ing titi wanci menika
kasdu anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu.
Paripurna anggenira
sumungkem ing pepadaning rama-ibu, penganten sarimbit wangsul lenggah wonten
ing sasana pinajang, nun inggih sasana rinenggah.
PANYANDRA PANGGIH
PENGANTEN SURAKARTA/SALA
Sanggyaning para tamu, ingkang sinungga ing akrami.
Kados sampun sawega ing
dhiri, samekta ing samudayanipun, marma panggihing sri penganten sarimbit
tumuli badhe katindakaken. Para rawuh kasuwun jumeneng.
Wus dumugi wahyaning mangsa kala, ana titahing Gusti, jalu
tanapi wanita, nun inggih risang penganten
arsa netepi jejering agesang, ngancik ing madyaning bebrayan agung.
Panggihing risang penganten binarung
swaraning Kodhok Ngorek.
Kang minangka pambuka wiwaraning adicara panggih, kawuryan
juru ampil pisang sanggan sampun mangarsa, ngabyantara ing ngarsaning Bapak/Ibu
....................... . Juru ampil pisang sanggan kaduta dening Bapak/Ibu
...................... kinen ngaturaken panebusing risang penganten putri.
Makaten ta pangandikanya kang dinuta ing ngarsaning Bapak/Ibu .................
.................
“Kula ngaturaken pisang
sanggan, minangka panebusing risang penganten putri”
“Sampun kula tampi
kanthi jangkep, panggihing sri penganten tumuli badhe
katindakaken”
Paripurna anggenira imbal wacana, kang hanawung kridha
wangsul ing sasana sakawit, rehning sampun bangkit hangentasi karya.
Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking
panguwaosing Gusti ingkang Murbeng dumadi. Ana titahing Gusti ingkang asipat
jalu tanapi wanita, sumedya hanetepi jejering ngagesang, arsa ngancik alaming
madya, amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta
angleluri laksita harja, nulad edi endahing luhuring budaya, umiring sasanti
tis-tis marsudi mardawaning budya tulus.
Nalika sama, kawuryan sri penganten putri wus jengkar saking
sasana rinenggga, ingayap binayangkare sangganing warga wandawa. Swaraning
pradangga munya hangrerangin, kadya asung pepuji pangastuti mring penganten
kang arsa pinanggya amrih kang kaesti
dadi, kang sinedya dadya.
Saya caket nggenira lumaksana risang penganten sarimbit.
Samana wus dumugi unggwan kang tinuju, juru ampil kembar mayang saking risang
penganten sarimbit samya liru kembar mayang minangka pralambang kawitaning
upacara panggih. Risang penganten kinepyok sekar adi mancawarna kalpataru,
dewadaru mrih ilang salwiring sukreta kalis sambekala.
Saya caket nggenira lumaksana risang penganten. Tempuking
pandulu caturnetra ingkang linambaran budi luhur, sakala wonten daya
pangaribawa ingkang dadya sarana pambukaning rasa ginaib. Saksana kumlawe
astane penganten putri sarwi ambalang gantal mring penganten kakung, ingkang
winastan gondhang kasih. Datan saranta penganten kakung gya gumantya ambalang
gantal kang winastan gondhang tutur. Wujuding gantal nun inggih sedhah kang
tinangsulan lawe seta. Sedhah kadya lumah lawan kurepe, dinulu beda rupane,
gineget tunggal rasane. Sanadyan sajuga mijil priya, sajuga mijil wanita
kalamun sampun tinangsulan ing palakrami ingkang suci, dadya paningset denira
mangun brayan. Saniskaraning pakarti sampun nyawiji, marma sirik lamus kongsi
suwaleng kayun.
Kawistara penganten wus jajar sumandhing aneng luhuring
pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun dhaupira wus
pinasthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang-kudang bangkit mandhireng
pribadi, wimbuh kawibawane, lir jejering narendratama.
Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepegi antiga
ingkang cinaket ing bokor kencana. Sakala kanang antiga tinapak ing pada pecah
sanalika. Pramila daya-daya penganten putri laju hanjengku sarwi sumembah mring
kakung, arsa hamijiki samapraning kang raka, pralampita angicali sukreta,
mbengkas salwiring durgama, tulus mulya manggih raharja.
Katon kambang-kambang kumambanging sekar triwarna kang aneng
jro bokor kencana, nun inggih mawar, mlathi, miwah kanthil, yekti menika
kinarya pralampita lamun saniskaraning kandha risang penganten, badhe winawar
kanthi tembung manis manuhara lumantar kedaling lathi, dadya pambukaning karya
tama kang anggung kumanthil-kanthil ing padoning netra, tumanem tung-tunging
nala. Gandaning sekar kang hangambar arum, suka pralampita bilih penganten
sarimbit tansah arsa angudi aruming nama satemah mahanani kuncaraning
kulawarga.
Paripurna gatiningkang
titi laksana panggih, samana sang pinangantyan wus jumeneng jajar sumandhing
sarwi sinengeban sindur dening ingkang ibu awarni rekta miwah seta. Dene
ingkang rama kasdu suka panuntun mring panganten sarimbit mrih tinuntun rehing
kautamen, pinayungan budi rahayu, wani ing bebener, wedi ing kaninsthan. Nalika
amana sang Larasmaya memuji asung pangastawa, umiring kang daweg winiwaha, laju manjing sasana rinengga, tulus raharja,
sirna salwiring rubeda.
Wus lumaksana risang penganten sarimbit tinuntun ingkang
rama. Kanthi hasesanti ing ngarsa sung tuladha, ingkang rama ngentasi panca
bayaning marga, mrih lampahing putra sarimbit denira lumebet ing madyaning
bebrayan agung saged hanjog unggwan kang tinuju nun inggih gisiking samodra
kabagyan sarta kamulyan.
Risang penganten sarwi sinengeban ing sindur warni seta miwah
rekta. Sindur dumadi saking tembung sindu miwaha aksara ra. Sindur nun inggih
bindu utawi toya, ra nun inggih kanugrahan. Manunggaling titah jalu tanapi
wanita, sageda manunggalaken ing rasa jati sejating rasa, rasa jalu tanapi wanita,
satemah mbabar kama awarni seta saking pokaling bapa, miwah kama awarni rekta
saking pokaling rena, ing tembe sageda hambabar pratima kang atata jalma
nenggih putra kang minangka rerengganing bale wisma. Sinambi anyingepi sindur,
ingkang ibu asesanti ing madya hamangun karsa. Ingkang ibu tansah jumurung ing
karsa, nenggih karsaning risang penganten sarimbit, ingkang sampun sahadipraya,
sumedya mangun bale wisme, ngancik gesang alam madya.
Kang minangka pethit menika, para kadang miwah santana, warga
wandawa ingkang tutwuri handayani. Suka pepuji
mangastungkara, mrih Gusti kang Maha Welas lan Asih suka daya kekiyatan
mring sri penganten sarimbit. Satemah lulus raharja anggenira mengku brayat,
binerkat mring Gusti kang murbengrat.
Nalika samana tindakira risang penganten wus ngancik ing
sasana pinajang. Daya-daya ingkang rama lenggah wonten sasana rinengga arsa
mbobot timbang putra sarimbit. Age-age ngabyantara ingkang ibu ing ngarsaning
bapa. Makaten ta pangandikannya kalamun kawijil ing lisan:
“Bapakne kepriye
mungguh bobote anake dhewe sakloron?”
“Ibune, manut rasaku
bobote padha, muga-muga timbang tresna lan asihe”
Paripurna denira rama miwah ibu imbal wacana, ingkang rama
sigra jumeneng arsa misudha penganten sarimbit. Risang penganten pinetek
pamidhangane linenggahaken ing sasana pinajang nun inggih sasana rinengga.
Kawuryan risang penganten sampun lenggah jajar ing sasana
arsa nindakaken adicara kacar-kucur. Kacar-kucur, kacang-kawak, dhele kawak.
Sing adoh dadya sadulur, sing wis
sadulur sangsaya nggenira sumadulur. Kacang kawak, dhele kawak, singa
adoh dadya sanak, sing wis sanak sangsaya nggenira sumanak. Arta receh
pralampita kahartakan, nering sedya mrih gesangipun sri penganten tansah
kasinungan sandhang boga. Kacar-kucur tinampi dening penganten putri datan
wenten ingkang marebel, suka pratandha bilih risang penganten putri badhe dados
wanodya ingkang gemi, nastiti, ngati-ati.
Asiling kacar-kucur, guna tampa kaya kacar-kucur, dening
risang penganten arsa katitipaken dhumateng ingkang Ibu.................. nun
inggih tiyang asepuhioun risang penganten putri.
Risang penganten sampun wangsul ing sasana sakawit arsa
nindakaken dhahar kembul dedulangan. Risang penganten kakung ngepel-ngepel
sekul cacah tiga. Pralampitane risang penganten manunggalaken tigang prekawis,
nun inggih manunggaling kalih kulawarga besan lumantar manunggaling penganten
sarimbit. Sekul kang kinepel pinalih dadya kalih, minangka sarana dedulangan
sarwi lawuh ati antep, minangka pralambang manteping nala anggenira samya
palakrama. Wredining dedulangan, risang
penganten sarimbit arsa liru salwiring kandha, datan wenten wewadi ing
madyaning kulawarga, saniskaraning kandha arsa rinembag ing madyaning
kulawarga, jer wiwit menika sampun manunggah dadod bateh, nenggih pangembating
kang luwih teteh.
Ngunjuk rujak degan wala, nun inggih klapa ingkang nembe
mawoh sepisan. Kekudanganing asepuh mrih anggenira palakrama ingkang putra
enggal pinaringan momongan kang bisa nyambung sarasilahing kulawarga.
Paripurna angunjuk toya degan, risang penganten sumedya
sumungkem ing pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu.
Tanggap ing sasmita,
lantip ing panggraita, ingkang Bapak/Ibu ......................tumuli badhe
mapag risang besan.
Sampun mandhap saking
sasana piniji Bapak/Ibu ........................ wengkuning sedya hamung tumuju
ing wiwaraning sasana wiwaha, nenggih mapag ingkang besan Bapak/Ibu
................... Rerentengan anggenira lumaksana, esem tansah sinungging ing
lathi mratandhani kalamun sukeng driya bombong ing wardaya.
Pinapag risang besan,
sampun pinanggiya, sarwa-sarwi ajejawat asta, mangayubagya rawuhipun ingkang
besan sarimbit. Paripurna anggenira bage-binage, risang besan enggal
kadherekaken tumuju ing sasana pinajang. Para ibu ingkang mangarsani lampah,
dene bapak ingkang tutwuri. Menika suka pratandha bilih priya kedah junjung
drajating wanodya, jumurung ing karsaning wanita ingkang lumampah ing marganing
kamulyan.
Anggenira lumaksana,
satindak tumoleh manganan, sapecak tumoleh mangiring, esthine driya mung suka
penget dhumateng para kawula dasih kaswasih, enget mring jatining panembah ing
ngarsaning Gusti, nggenira tumitah ing jagad raya. Sarta kadya asung pambagya
mring rawuhing para tamu kang minulya.
Prapta ing sasana
mulya, risang besan kadherekaken lenggah wonten ing sasana ering kiwa. Uninga
risang besan sampun lenggah satata, Bapak/Ibu ........................ wangsul
wonten ing sasana palenggahan sakawit, ing kananing risang penganten.
Risang penganten arsa
anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu, nyuwun puji pangestu amrih
rahayu uripe.
Sampur jengkar saking dhampar
risang penganten sarimbit. Esthining penggalih hamung arsa lumarap
abyantara ing ngarsaning para wredha. Parasing sedya wengkuning parasdya muhung
sumedya sumungkem anguswa pepadaning ingkang rama miwah ingkang ibu.
Sigra tumungkul amarikelu yayah konjem ing bantala wadanane
penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan, sinartan
eninging cipta kang rumasuk ing sanubari, anyenyadhang pangastawa saking rama
miwah ibu, mrih esthining driya denira mangun brayan hinaywan dening Gusti kang
murbeng jagat.
Lir sinendhal mayang jroning galih dupi ingkang rama ibu
inguswa pepadanira dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit
sinayutan, sakala ingelus-elus pamidhangane, winiwir-wiwir rikmane penganten
sarimbit, kebak ing rasa asih sutresna.
Kawuwusa tatkala nampi sihing rama ibu ingkang dahat tumanem
ing kalbu, sanalika penganten angles kekes kadya linolosan otot bebayune, angga
angalumpruk pindha kapuk, sapandurat datan pana panon ing rat, sakedhik tan
darbe karekat, satemah anjegreg kadya tugu sinukarta.
Tan kawawa anandhang dhuhkitaning galih, waspa mijil
amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang rama ibu, cinandra kadya
mutyara rinonce. Uninga ingkang putra netesaken waspa, trenyuh penggalihing
rama miwah ingkang ibu. Kawuryan netra kembeng-kembang arsa ndhawahkane waspa.
Parandene sigra mbengkas dhuhkitaning nala, horeging wardaya hamung sinamun ing
samudana.
Hayom, heyem, tentrem, hangayomi, pepadaning rama ibu,
mahanani sri penganten eling marang purwa duksina, duk rikala linairake aneng
jagad raya. Eling marang rama kang wis kuwagang hangukir jiwa ragene, eling
marang kang ibu kang wis minangka sasana yoga brata nawa candra dasa ari suwene.
Eling marang rama ibu kang wis nggulawentah wiwit timur ngantos diwasa, ing ri
kalenggahan ini bakal uwal saking pangkoning wong atuwa.
Eling-eling risang penganten wiwit timur mula
anggung-ginunggung mring pepoyaning kautamen, mila amung sakedheping netra
bangkit angusadani onenging nala, nadyan nandhang sungkawa, cekap sinamun ing
samudana.
Waspada ing semu anguningani ingkang putra denira karerantan
ing batin, sakala kawijil pangandikanira aris, mesi wasitaadi “ Anakku Ngger, sakloron, duk samana sira cilik
mula dakkekudang, yen ing diwasamu bisaa mengku garwa kang dadi pepujaning
atimu. Kaya ngapa wektu iki, sepira ta lega bungahing atiku, dene kekudanganku
jebul wus dadi kasunyatan. Kang mangkono lelungsen dakbebakali, kanthi
daksesuwunake ing ngarsaning Gusti, muga-muga anggonmu nempuh lelumban aneng
samodraning ngaurip enggal tumeka ing gisiking gegayuhanmu, sembada kang
sinedya, lestari kang kaesthi.”
Panyandra Temanten
Swuh rep data pitana, henenggih pundi ta nagari ingkang adi dasa purwa, eka
marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Hanenggih punika nagari
hadiningrat, mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari ingkang
rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka-warna, satemah
handadosaken adi miwah asri peni hing pandulu. Ingkang sadaya kala wau sayekti
mratandhani bilih, sakalangkung ageng raos bombong bingahipun ingkang
hangrenggani wisma hamangku karya, hinggih panjenenganipun Bp………………… hingkang kepareng
hamiwaha ingkang putra temanten sekaliyan, ingkang wekdal samangke sampun
kepareng jengkar saking palenggahan tumuju mring sasana busana arsa gantos
pengageman, punapa ta menggah pengageman ingkang den agem putra temanten
sekaliyan, temanten sekaliyan mangagem busana kaunggulaning busana ingkang
endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare hangebaki salebeting
wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya
rerengganlng busana. Satemah hanambahi kawibawane putra panganten sekaliyan
ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun
cinandra sirna sipating janma pindha sang Ywang Bathara Kamajaya miwah Bathari
Ratih mangejawantah.Tindaking sri panganten sekaliyan den arak patah sakem¬baran ingkang sarwa sami, dedeg piadege, hangagem busana ingkang sarwi kembar, dhasar taksih timur. Inggih punika anak ayu rara ………….. dalah anak ayu rara ……………. ingkang hanggambaraken raos sih katresnan sri panganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap kemawon.
Hanenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning lampah, Wenang den ucapna hasesilih panjene¬ nganipun Bp …………… ingkang hanggadhahi daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra kadya Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti ‘hing ngarsa sung tuladha’ . Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga, katitik satindak-satindak tansah mawi let wilahaning wirama gendhing. Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun kadherekaken satriya sakembaran. Sigit lan santosa dedeg piadegipun. Lah sinten ta ingkang dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas ……………. miwah nak mas……………… ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan …………. mila para manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged njagi ruwet-rentenging penggalih saha rubedane penganten sarimbit.Sinambutan ginarubyug sagunging putri dhomas cacah kawan atus. Ingkang sayekti sulistya ing warni dhasar taksih mudha hangagem busana ingkang sarwi edi peni. Dhasar wasis hangadi sarira dhemes luwes merak ati, yen sinawang saya dangu, saya hangranuhi trengginas tindake sajak tregal-tregel nyemelangi nanging mboten nguwatosi. Sanggyaning para putri dhomas ingkang pindha widodari cakra kembang tumurun kanthi suka pah sukaning manah andherekaken tindakipun sri temanten sekaliyan kanthi asesanti Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani.
Ing sapungkuring putri dhomas jumeneng rama ibu ingkang tansah tut wuri handayani kinarya panutuping lampah, mila raos ayem tentrem hanglimputi ing salebeting wardaya putra temanten sekaliyan. Ing salebeting batos amung tansah maminta nugrahaning Pangeran ingkang Maha Agung mugi-mugi putra panganten sekaliyan tansah pinayungan ing panguwaosipun tansah manggih kayuwanan, kasembadan punapa ingkang dados gegayuhanipun ingkang utami tumuju murih tentreming bebrayan agung. Mongkog raosing panggalihipun rama ibu, dupi haningali sri temanten sekaliyan gegandhengan asta, katingal atut runtut reruntungan ingkang anggambaraken manunggaling raos katresnan lahir tumusing batos. nDungkap prapta ing sasana busana putra temanten sekaliyan, mila para kadang kridha dharma ing pepungkuran samya alok sorak rame asung pakurmatan, asung marga kinen angurmati sri penganten sekaliyan nggenya arsa manjing ing panti pambusanan.
Panyandrra Kirab Kasatriyan
Paripurna ing gati anggenipun sri temanten gantos pengageman mila lajeng kepareng badhe wangsul ing ngarsanipun sagunging prayagung tamu sadaya. Katon cumlorot saking katebihan sampun kawistara sunaring pasuryanipun putra penganten sekaliyan ingkang kairit suba manggalaning lampah, katingal tlemek-tlemek lampahira anganut wiramaning gendhing. Dhasar wibawa dhemes tuwes angadi sarira rereh ririh ruruh ingkang respati sayekti hadamel luluhing sagunging pamirsa.
Sayekti pantes yenta pinitados mangka manggalaning lam¬pah, sakedhap-sakedhap noleh mawingking katingal sri temanten sekaliyan ingkang sampun ngrasuk busana kapangeranan sayekti hanambahi pekik myang sulistya ing warni miwah kawibawanipun mancorong wadanane sumunar bingah pindha narendra mudha jumenengan engga lamun cinandra yayah risang bagus Dananjaya ingkang hanganthi risang garwa Kusumaning Dyah Ayu Dewi Wara Subadra arsa tindak lelana lelangen suka mring madyaning patamanan ingkang endah asri edi peni. Ginarubyug sanggyaning para putri dhomas yen cinandra kadi widadari sakethi kurang sawiji, ingkang maksih tetep setya manembrama tindaking sri penganten sekaliyan.
Sanadyan ta maksih radi sawetawis anggenipun nyrantos risang penganten sekaliyan nanging maksih ketingal bingar pangageman ingkang den agem katon edi endah karana pinilihaken busana babaran enggal, mila wonten ingkang sami anguda raos kados pundi raosipun manembrama tindaking sri penganten ingkang nedheng kinirabaken.
Dhasar busananipun sarwi endah ingkang angagem sami endah ing warna sami asarira kuning nemu giring pakulitane mawa cahya yen cinandra kadya kancana sinangling. Katingal suka pari suka ing wardaya andherekaken tindaking sri penganten sarimbit: Sakalangkung katingal suka penggaiihipun inggih punika rama dalah ibu ingkang tansah hangetut wuri handayani, dupi nguningani ing salebeting wisma pawiwahan taksih kebak sagung para tanmu ingkang mratandhani bilih maksih anggung inuberan palimarma tumanduk dhumateng sri penganten sarimbit mugi-mugi nggenya badhe nggelar layar wonten samodraning bebrayan tan¬sah manggih suka rahayu kang sarwi tinemu.
Sampun prapti unggyan kang tinuju lampahira risang raja sadina ratu sadalu, daya-daya suba manggalaning lampah asung sasmita marang kang nembe kawiwaha lenggah ing sasana kursi rinengga ingkang sampun sumadya, marma cinendhak ponang panyandra.
Panyandra Kirab Temanten I
Lamat-lamat wus katon tejane sumunar cahyane nenggih sang anyar katon ingkang saweg winiwaha, lah punika ta yen cinandra kirabing penganten, datan kadi dhauping Rara …………. kalawan Bagus …………. ingkang katiti mangsa surya …………. tinengeran ing dinten pinilih …………….
Sawatawis dennya lelenggahan sri penganten ing sasana kursi rinengga, kinebutan dening elaring manyura, kongas gandane ngambar ngebeki ing pahargyan. Samana dupi wus ngancik titi laksana upacara kirabing panganten, ingkang pinandhegan dening panjenenganipun Bp ………….. pinangka suba manggalaning lampah. Samya enggal arebut ngarsa ingkang arsa ngirabaken penganten. Tata urut runtut rerentengan tata lampah kirabing penganten. Ing ngajeng piyambak winastan sang suba manggala ingkang pinaragan dening Bp …………… Sumusul ing sawingkingipun patah sakembaran ingkang katindakaken anak ayu ……….. dalah rara ayu …………, nunten lampahing sri penganten sekaliyan ingkang datan kendhat gegandhengan asta.
Sumambung ing wuri lampahing sri penganten sarimbit nenggih punika ta warnane sang pratiwa manggala suba ya suba manggala tansah hangetut mring tindaking sang raja sadina ratu sadalu katingal tansah hanjejampang lampah mbokmenawi wonten payo-payo ingkang bakal tumempuh marang sang penganten, satriya sakembaran katindakaken dening bagus …………… dalah bagus …………….. Gandheng renteng reruntungan urut jajar kalih tataning lampah manembrama kirabing penganten, inggih punika para paraga ingkang nggarubyuk kirabing penganten kanthi guyub padhang guwayane katingal amindha putri dhomas. Kapering wuri punika para kulawangsa miwah sumitrane. Datan kantun wingking piyambak kawuryan tansah tut wuri handayani njampangi lampah inggih punika rama dalah ibu nun inggih ingkang hamengku gati sarta kawastanan panutuping kirab.
Kocap kacarita dupi wus samekta para-para ingkang kapatah ing karya hangirabaken penganten, sang suba manggala sigra hanyaketi sasana palenggahaning sri penganten kekalih, gya tanggaping sasmita sri penganten daya-daya jumeneng hangapit gamparan jengkar saking palenggahan hanganthi ingkang garwa, lengkeh-lengkeh nyardhula lupa tindake, pantes kalamun kang samya humiyat kedhep tesmak pandulune dupi nguningani tindaking sang sri temanten.
Repepeh-repepeh andhadhap anoraga, denira lumaksana tumapaking pada anut irama, solah bawane kadya ambeksa, salagane anglam-lami, lah punika Sang Suba Manggala ingkang mangarsani lampah. Sepining penggalih jroning lumaksana kanthi kebak ing pangarah-arah hamung suka tetuntunan dhumateng sri penganten, mugi denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah anengenaken pangatos-atos pepayung budi rahayu, linambaran tepa sirik ing kadurakan, tresna, amrih ing karukunan, kumawula, mangertos ing wajib, dene sembada, rosa lan adege wreksa waringin ingkang kukuh bakuh bangkit kinarya pangayoman. Kembar busanane, rampak dedeg piyadege, punika ta ingkang sinebat patah sakembaran, ingkang katindakaken dening lare estri ingkang maksih timur, jroning lumaksana sinambi gegojegan; parandene datan saru dinulu nanging malah sangsaya anambahi asrining pandulu.
Kaladuking panyandra ayuning patah sakembaran kaya widadari tumurun, tansah asung puji pangastuti dhumateng sri penganten sekaliyan mugi tansah kinalisaken ing sukerta, cinaketna ing nugraha nganti tumekaning kaki-kaki lan nini-nini, tansah tinangsulan reh darmaning palakrama awewaton wetahing sutresna ingkang suci. Gebyar-gebyar pating pancurat pating palancur kadi taranggana silih sasana, endah edi raras kawuryan, lah punika ta angagemane sri penganten sarimbit. Sri penganten kakung mangagem makutha (dhestar rukmi ginepeng), pinatik kumala, pinatut dening sesumping kembang kanthil miwah dhasi munggwing jangga lir ginupit, datan kantun ngagem sangsangan kencana ingkang carub wor kalawan sangsangan puspita rinonce munggwing jangga tumumpang pamidhangan kanan kering, kawuryan ngegla yayah taksaka munggwing situ banda layu, kaya ula kang ngleker ing uwit, wimbuh saya akarya bregasing penganten kakung. Atela corek langenarjan awarni kresna sinulam benang kencana pating calorot cahyane kena soroting pandam kurung ing madyaning pahargyan yen ta cinandra pindha gumelaring akasa kang kebekan taranggana. Paningset cindhe puspita, epek baludru pinalipit rukmi pinetha modangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi sinosotya, dhuwung tinatah tinatu rengga sarta sinung gegombyok puspita rinonce, ebah-ebah kinarya lu¬maksana kadulu saya amimbuhi pekiking penganten kakung, nyamping sidamukti pinarada, kacihna lamun nedya sesarengan nggayuh kamukten apancadan kaleksananing palakrami.
Temanten putri dedege sedheng ora dhuwur ya ora cendhek sayekti wimbuh hamantesi, sasolahe milangoni, lelewane nuju prana, rinengga ing busana edi endah, ngagem cundhuk awangun wulan tumanggal tinarates sesotya pinatut kalawan cundhuk mentul ingkang tansah ebah-ebah yen kinarya lumampah, kalamun cinandra kadi anggane wong ayu kang lagya ngawe-awe bebedhangane. Ukel rinengga ponang puspita endah kawuryan asri yen dinulu.
Sangsangan rukmi ingkang kinarya tiba dhadha, pinatik-patik sesotya, satuhu karya lam-laming kang samya humiyat. Kebayaknya awarni langking sinulam benang kencana kembar padha irenge kaliyan busanane temanten kakung. Cetha kalamun panganten sarimbit wus saruju boboting katresnan, mila jroning lumaksana tansah pepuletan asta datan ginggang sarekma pinara sasra, ajrih uwal kalawan ingkang garwa dhasar timbang rasa tresnane. Tandang tanduke rasa lumaksanane panganten ingkang tansah runtang-runtung rerentengan dhumateng sagunging para taruna satemah enget marang pepacangane, panglocitaning wardaya yen ta kawedhar ing lathi, “Suk kapan bisa dadi manten kaya dina iki ? Tansah gawang-gawang raketing sih katresnan”. Para werdha ingkang uninga sri penganten sarimbit satemah enget mring darmane, gya paring pepuji, “muga tutuga anggenira jejodhohan, lestari nganti purnaning mangsa, sih kinasihan kadya angganing mimi kang lagya amintuna”. Katingal prayitneng kewuh memayungi yuwananing penganten, punika ta taruna kekalih kang pindha senapatining prang. Dhasar pekik ing warna sinasaban busana adi. Mila tambah gawang-gawang cahyane, kentar-kentar katon bergase, tebah jaja atampel wentis para warara ingkang samya humiyat, njinggleng pandulune hamaspaosaken taruna kekalih.Lumaksana jajar kalih dhampyak-dhampyak, punika ta warnanira para warara pangaraking lampah ingkang pindha putri dhomas. Sadaya sami sulistya ing warni, upamia puspita nedheng-nedhenging mekar mangrurah sari, mila pantes kalamun akarya gawoking paningal, langkung-langkung para jejaka ingkang humiyat kami tenggengen, pangengeting wardaya bilih kawedhar ing lathi, “Adhuh-adhuh putri kok endah-endahing warni, kapan ya aku methik sawiji kaya sri penganten iki?” Maneka warna busanane kadya puspita hanjrah salebeting taman. Ing wuri para putri dhomas sumusul para kulawangsane sri penganten, tansah jumurung angombyongi kirabing panganten sarimbit. Ingkang tansah tut wuri handayani lampahing panganten kekalih, minangka panutuping lampah, rama lan ibu ingkang hamengku gati. Bombong sarta birawaning manah sang panutuping kirab, dene atmajane wus kalampahan jinatukrama ing kakung kang wus dadya pepilihing ati sarta kaiden dening para sepuh anut reh satataning nagari ugi saged nguningani dhauping putra sineksen dening sagung para tamu.
Pramila jroning lumaksana pethiting lampah tansah asung pepuji ing salebeting kalbu, mugi-mugi berkah lan pangestuning para sepuh andayanana mring sri penganten sarimbit.
Panyandra Temanten Kirab II
Wus paripurna sri penganten nggenira ganti busana, sang suba manggala gya hanganthi sri penganten saking sasana busana manjing wisma pawiwahan, arsa kalenggahaken ing sasana kursi rinengga. Tataning lampah sajuru anut tataning kirab.
Prapta ing wiwaraning wisma pahargyan lampahe kagyat kagora wekasan sang suba manggala uninga eden-eden upa rengganing gapura, ing tawing kanan kering rinengga adi tinata peni, raras kawuryan, dene wisma pahargyan rinengga janur kuning kinarya, tuhu wasita sinandi tumrap sang penganten ing jarwanipun, ing tembe sri penganten dadya ugeraning brayat ingkang anggung angudi karukunan kanthi tumaneming raos rumangsa handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani, jumbuhing panggalih temah tebih ing cecengilan. Nggenggeng pepuletan tinangsulan ing saka angrenggani pandhapi lah punika pradapa manca warni ingkang tinunggulan pradapa waringin, royoming adhem hangayomi.
Mila pantes kalamun dadya lambang keblating lelabuhan, mangkana pangudasmaraning driya yen ta kawedhar ing lesan, sang suba manggala dupi humiyat pradapa waringin ingkang dadya tetungguling pradapa manca warni.
Sajuru-juru tataning lampah kirabing penganten ingkang wus ngagem busana kapangeranan. Tataning lampah kadi napak tilas lekase sang sarjana linangkung ingkang wus murut ing kasedan jati Ki Hajar Dewantara, “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya rnangun karsa, tut wuri handayani”. Upacara kirabing penganten saya tambah adi kawuryan karana sri penganten wus ngagem busana kasatriyan candrane kadya Raden Dhanang Sutawijaya atmajane Ki Pemanahan, hanganthi garwanira Dewi Samangkin, putra putrinipun Sunan Bagus Prawata ing Kalinyamat ameng-ameng ing udyana patamanan mirsani puspita ingkang nedheng-nedhenging ambabar ganda arum.
Dene Suba manggala yen cinandra kadi Ki Suwandageni, atmajane Ki Demang Sangkalputung miwah Sang Agung Sedayu, yogane Ki Sadewa ingkang kekalihipun saking talatah Jatinom. Putri dhomas ingkang minangka para warara, kawuryan kaya putri perdikan saking bawah Banyubiru. Panutuping kirab anggung hanjampangi lampah, kadulu kadi Ki Ageng Panjawi pamomonging Sutawijaya duk ing nguni.Kirabing pinanganten wus prapteng madyaning pandhapi penganten anggung sru panyuwunipun dhumateng sagunging para tamu mugi kanthi donga pamuji satemah andayani tutug ingkang ginayuh ing wardaya. Sarta tansah kadumugen sarwi jinangka, jumbuh kaliyan kekudanganipun tiyang sepuhipun.
Saya raket rinaketan ing sasana kursi rinengga lampahe sri temanten gya ingacaran lenggah. Dupi sang temanten wus lenggah jajar ing kursi rinengga, sang suba manggala gya sasmita dhumateng para warara ingkang hanggarubyug lampah, wangsul ing papane sowang-sowang.
www.suwarnajawa.files.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Sumangga dipunkomentari, nanging tetep ngangge sopan santun